Halaman

Rabu, 01 April 2020

Materi Pacelathon Kelas 7


Pacelathon
Pacelathon utawa gunem yaiku omong-omongan wong siji karo liyane. Ing gunem mau kudu nggatekake sapa sing dijak gunem lan basa apa sing kudu digunakake. Seyogyane anggone gunem marang wong liya kudu nggatekake unggah-ungguhing basa, supaya anggone gunem padha baen kepenake. Basa jawa intine ana rong basa, yaiku basa jawa ngoko lan basa jawa krama. Basa ngoko digunakake kanggo micara marang wong sing wis rumaket utawa wong sing saprantaran., dene basa jawa krama digunakake marang wong kang lewih tuwa utawa perlu diajeni kanggo ndhuwurake wong kang dijak micara. Mula banjur ana basa ngoko alus lan basa krama alus.

1.        Basa Ngoko
  1.  Ngoko Lugu
Basa Jawa ngoko lugu yaiku sarana kanggo gunem sing kedadeyan saka tembung-tembung ngoko.
Basa ngoko lugu kanggo micara:
·      Wong tuwa marang wong enom
·      Wong tuwa marang anake
·      Wong saumuran sing wis akrab
·      Majikan marang bawahane
Tuladha :
·         Ngesuk nggrap PR Bahasa Jawa bareng ya!
·         Mas, aku arep nyilih buku basa jawane.
·         Rasane adem banget nek udan kaya kie.

  1.  Basa Ngoko Alus
          Basa ngoko alus yaiku sarana micara sing tembung-tembunge kedadeyan saka tembung ngoko kecampur krama alus. Sing dikramakake sesebutan wong lan tembung kriya (kata kerja). 
Basa ngoko alus kanggo micara:
·      Wong tuwa (sing lewih endhep jabatane) marang wong enom sing lewih dhuwur jabatane.
·      Wong sing saumuran tapi taksih kepengin ngurmati.
Tuladha:
·         Nimas, jenengan wis tindak nggone Bu guru?
·         Panjenengan arep dhahar apa?
·         Bu Guru arep kondur jam pira?

2.         Basa Krama
  1. Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku sarana micara sing kabeh tembunge krama.
Basa krama lugu kanggo micara:
·      Wong sing lewih tuwa marang wong sing lewih enom (tesih kepengin ngormati).
·      Atasan marang bawahane sing lewih tuwa
Tuladha:
·           Ibu ajeng tumbas wos.
·           Bapak, sampeyan ajeng kesah pundi
·           Pak, ngenjang ajeng nedha napa?.

  1. Basa Krama Alus
Basa krama alus yaiku sarana micara sing tembung-tembunge kedadeyan saka tembung krama lan krama alus.
Basa krama alus kangge:
·      Anak marang wong tuwane
·      Wong enom marang wong tuwa
·      Kenalan anyar
·      Bawahan marang atasan
·      Wong lagi ndonga 
Tuladha:
·           Nuwun sewu asma panjenengan sinten?
·           Bapak badhe tindak dhateng Solo
·           Ibu sampun sare menapa dereng?



Materi Cerita Kidang Kencana



Cerita Ramayana iku caita kang sampun kawentar ing babad jawa.salah siji perangan/bagian saka cerita ramayana yaiku kidang kencana. Saderenge mlebu ing carita Ramayana Kidang Kencana, para siswa kudu mangerteni unsur intrinsik carita.

1.       Tema yaiku gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh.

2.       Alur utawa plot yaiku lakune crita sing duweni sesambungan sebab akibat. Alur iku ana telung warna, yaiku akur maju, alur mundur lan alur campuran.

3.        Setting utawa latar. Setting saged awujud wektu, papan panggonan lan swasana.

4.       Paraga lan watake. Paraga iku tokoh ing cerita.

5.       Piwulang yaiku pesen singarep diaturake marang pamaos.


Kanggo cerita Ramaya Kidang Kencana ana ing ngisor niki nggih….

Kidang Kencana

Raden Rama punika putra kakungipun Prabu Dasarata, raja ing Ayodya kaliyan Dewi Koslaya. Ing satunggaling dinten Raden Rama ngumbara sesarengan kaliyan ingkang garwa, Dewi Sinta, lan ingkang rayi Raden Laksmana. Nalika tetiganipun dumugi ing wana, Dewi Sinta pirsa kumlebating kidang kencana, kidang ingkang warni emas. Kidang kala wau kekiter ing sacedhaking papan kalawau.

Rumaos kesengsem endahing kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dhateng ingkang garwa supados dipuncepengaken kidang kala wau. Awit tresnanipun dhateng garwa mila Raden Rama ugi nuruti panyuwunipun Dewi Sinta. Raden Rama enggal mbujeng kidang kencana. Rumaos dipunbujung, kidang kencana enggal lumebet ing wana. Raden Rama mbujeng kidang kencana lumebet wana saengga pisah kaliyan ingkang garwa lan ingkang rayi.

Pangoyaking kidang kencana dumugi wana ingkang peteng ndhedhet. Ing wana ingkang peteng kala wau, Raden Rama pirsa kumlebating kidang kencana. Raden Rama enggal menthang gendhewa, jemparing kaeneraken ing papan kumlebating kidang kencana. Jemparing lumepas tumama ing angganipun kidang lan sanalika kidang dumugining pejah. Sesarengan kaliyan ngglundhunging kidang kencana wonten swanten ingkang angemba swantenipun Raden Rama. Raden Rama nembe nglenggana menawi kenging apus.

Swanten pisambat kala wau dumugi papanipun Dewi Sinta lan Raden Laksmana. Dewi Sinta kagungan panganggep bilih swanten kala wau swantenipun ingkang garwa nanging Raden-Laksmana ngemutaken menawi swanten wau sanes swantenipun Raden Rama. Dewi Sinta tetep ing pamanggihipun, mila enggal dhawuh dhateng Raden Laksmana mitulungi Kaden Rama. Kaden Laksmana ugi tumuli bidhal.

Ing tengahing margi, Raden Rama kepanggih kaliyan Raden Laksmana. Sasampunipun cariyos ingkang nembe kemawon kedadosan, kekalihipun wangsul dhateng papanipun Dewi Sinta. Kejot penggalihipun Raden Rama lan Raden Laksmana pirsa Dewi Sinta boten wonten ing papanipun. Kekalihipun lajeng ngupadi Dewi Sinta.

Ing tengahing margi kekalihipun kepanggih kaliyan peksi Jathayu ingkang martakaken bilih Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana, raja ing negari Alengka. Peksi Jathayu ugi matur bilih ingkang natoni dhirinipun menika boten sanes inggih Rahwana. Sabibaripun Cariyos, peksi Jathayu pejah.

Raden Rama lan Laksmana nglajengaken lampah. Ing tengahing margi kepanggih Kaliyan Anoman ingkang sumedya ngabdi dhateng Raden Rama,


Tembung-tembung kang angel saka cerita kidang kencana

 

Kakungipun                     : lanang

Satunggaling                   : salah sijine

Dinten                              : dina

Sesarengan                     : bareng-bareng

Garwa                               : bojo

Rayi                                    : adhi

Dumugi                                    : tekan

Wana                                : alas

Pirsa                                  : weruh

Kekiter                             : mubeng

Rumaos                                  : ngrasa

Dipuncepengaken            : dicekelna

Tresnanipun                    : cinta

Mbujeng                          : diburu

Gandhewa                        : panah

Pejah                                : mati

Swanten                          : swara

Apus                                  : digorohi

Dhawuh                           : prentah

Mitulungi                                 : nulungi

Bidhal                                : mangkat

Margi                                : dalan

Kadadosan                      : kedadeyan

Kejot                                 : kaget

Ngupadi                           : nggolet

Kepanggih                       : ketemu

Martakaken                           : aweh kabar

Kadhusta                         : dicolong

2 komentar:





  1. Pak Tuladhane di tulis setunggal nopo kabehan

    BalasHapus
  2. menawi sampun paham, nggih setunggal mawon, menawi dereng nggih sedaya

    BalasHapus

KIDANG KENCANA

 MATERI CERITA KIDANG KENCANA Cerita Ramayana Kidang Kencana Cerita Ramayana iku caita kang sampun kawentar ing babad jawa. Ramayana asale s...