Halaman

Minggu, 04 Mei 2025

KIDANG KENCANA

 MATERI CERITA KIDANG KENCANA


Cerita Ramayana Kidang Kencana

Cerita Ramayana iku caita kang sampun kawentar ing babad jawa. Ramayana asale saka basa sansekerta. Rama tegese Raden Rama, menawa ayana tegese lelakon. Dadi cerita Ramayana yaiaku crita kang nyritakake raden rama saka cilik nganti tuwa. Cerita ramayan iku ana petil-petilane yaiku cerita kidang kencana, lajeng ana cerita peksi jathayu lan cerita anoman duta. Cerita Ramayana dianggit dening resi walmiki. Saderenge mlebu ing carita Ramayana Kidang Kencana, para siswa kudu mangerteni unsur intrinsik carita.

1.       Tema yaiku gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh.

2.       Alur utawa plot yaiku lakune crita sing duweni sesambungan sebab akibat. Alur iku ana telung warna, yaiku akur maju, alur mundur lan alur campuran.

3.        Setting utawa latar. Setting saged awujud wektu, papan panggonan lan swasana.

4.       Paraga lan watake. Paraga iku tokoh ing cerita.

5.       Piwulang yaiku pesen singarep diaturake marang pamaos.


CERITA KIDANG KENCANA


Kidang Kencana

 

Raden Rama punika putra kakungipun Prabu Dasarata, raja ing Ayodya kaliyan Dewi Koslaya. Ing satunggaling dinten Raden Rama ngumbara sesarengan kaliyan ingkang garwa, Dewi Sinta, lan ingkang rayi Raden Laksmana. Nalika tetiganipun dumugi ing wana, Dewi Sinta pirsa kumlebating kidang kencana, kidang ingkang warni emas. Kidang kala wau kekiter ing sacedhaking papan kalawau.

Rumaos kesengsem endahing kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dhateng ingkang garwa supados dipuncepengaken kidang kala wau. Awit tresnanipun dhateng garwa mila Raden Rama ugi nuruti panyuwunipun Dewi Sinta. Raden Rama enggal mbujeng kidang kencana. Rumaos dipunbujung, kidang kencana enggal lumebet ing wana. Raden Rama mbujeng kidang kencana lumebet wana saengga pisah kaliyan ingkang garwa lan ingkang rayi.

Pangoyaking kidang kencana dumugi wana ingkang peteng ndhedhet. Ing wana ingkang peteng kala wau, Raden Rama pirsa kumlebating kidang kencana. Raden Rama enggal menthang gendhewa, jemparing kaeneraken ing papan kumlebating kidang kencana. Jemparing lumepas tumama ing angganipun kidang lan sanalika kidang dumugining pejah. Sesarengan kaliyan ngglundhunging kidang kencana wonten swanten ingkang angemba swantenipun Raden Rama. Raden Rama nembe nglenggana menawi kenging apus.

Swanten pisambat kala wau dumugi papanipun Dewi Sinta lan Raden Laksmana. Dewi Sinta kagungan panganggep bilih swanten kala wau swantenipun ingkang garwa nanging Raden-Laksmana ngemutaken menawi swanten wau sanes swantenipun Raden Rama. Dewi Sinta tetep ing pamanggihipun, mila enggal dhawuh dhateng Raden Laksmana mitulungi Kaden Rama. Kaden Laksmana ugi tumuli bidhal.

Ing tengahing margi, Raden Rama kepanggih kaliyan Raden Laksmana. Sasampunipun cariyos ingkang nembe kemawon kedadosan, kekalihipun wangsul dhateng papanipun Dewi Sinta. Kejot penggalihipun Raden Rama lan Raden Laksmana pirsa Dewi Sinta boten wonten ing papanipun. Kekalihipun lajeng ngupadi Dewi Sinta.

Ing tengahing margi kekalihipun kepanggih kaliyan peksi Jathayu ingkang martakaken bilih Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana, raja ing negari Alengka. Peksi Jathayu ugi matur bilih ingkang natoni dhirinipun menika boten sanes inggih Rahwana. Sabibaripun Cariyos, peksi Jathayu pejah.

Raden Rama lan Laksmana nglajengaken lampah. Ing tengahing margi kepanggih Kaliyan Anoman ingkang sumedya ngabdi dhateng Raden Rama,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KIDANG KENCANA

 MATERI CERITA KIDANG KENCANA Cerita Ramayana Kidang Kencana Cerita Ramayana iku caita kang sampun kawentar ing babad jawa. Ramayana asale s...