Halaman

Minggu, 23 Agustus 2020

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.

            Piwulang ing Serat Wulangreh iku maneka warna. Serat wulangreh  diserat/ditulis dening Sunan Pakubuwana IV. Serat Wulanbreh wujude arupa tembang. saben pupuh tembang, duweni isi piwulang kang migunani kanggo para bocah, wong tuwa, wong nom ing masyarakat lan kanggo sing maca. Tembang ing serat wulangreh wonten 13, yaiku ana dhandhanggula, kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhuk wuluh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmarandana, Sinom, lan Girisa. tembang kang samangke di rembug yaiku tembang/pupuh Gambuh. Isi piwulang Pupuh gambuh ing Serat Wulangreh yaiku larangan duwe watak adigang, adigung, adiguna. 

adigang tegese: ngandhalake kuwasa

adigung tegese: ngandhalake kakuwatan

adiguna tegese: ngandhalake kapinteran.

pupuh tegese kumpulane pada-pada kang padha.

pada tegese kumpulane gatra kang mangun sawijine tembang macapat.

          Watake tembang gambuh yaiku grapyak, samanak. Pupuh gambuh ana ing Serat Wulangreh kababar 17 tembang. Tembang Macapat iku duweni Paugerane sing jenenge guru gatra, guru wilangan, guru lagu.

guru gatra yaiku cacahing gatra/baris/larik saben sapadha.

guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra

guru lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane/mburine gatra.

Senin, 17 Agustus 2020

JINIS-JINIS TEMBUNG

 

Jinis-Jinis Tembung

Jinis-jinis tembung:

1. Tembung aran (kata benda) yaiku tembung kang mratelakake/nuduhake jeneng barang utawa apa wae kang dianggep barang.

Tuladha: pit, kursi, topi, buku, meja, laptop, gunung, bis, omah, lsp.

2. Tembung kriya (kata kerja) yaiku sakabehing tembung sing mratelake solah bawa utawa tandang gawe.

Tuladha: tuku, nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.

3. Tembung kaanan(sifat) yaiku sakabehing tembung sing mratelake kaanane utawa wateke barang.

Tuladha: abang, cilik, ayu, kuru, lemu, panas, adhem, lega, sesak, resik, reged, lsp.

4. Tembung katrangan yaiku sakabehing tembung sing mratelakake katrangan marang tembung liya.

Tembung katrangan liyane: mung, meh, padha, dudu, mau, ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.

5. Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake monangka sesulih wong, barang utawa apa wae kang dianggap barang.

Tembung sesulih bisa kaperang dadi tigang werna:

a. Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)

b. Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)

c. Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa, sapa, ku,

mu, lsp.)

6. Tembung wilangan yaiku sakebehing tembung sing mratelake wilangan (angka).

Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, sepira, lsp.

7. Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-nganceri tembung aranlan mapane tansah ana sangarepe tembung aran lan sifat.

Tuladha liyane: saka, ing, menyang, dhateng, dhumateng, tumrap, marang, kanthi lsp.

8. Tembung panggandheng yaiku sakabehing tembung sing gunane kanggo nyambung ukara

siji lan liyaneutawa tembung siji lan tembung liyane.

Tuladha: dene, nanging, lan, utawa, saha karo, malah, banjur, mulane, sarta, lan, kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, lsp.

9. Tembung panyeru yaiku sakabehing tembung sing nggambarake wedharing rasa pangrasa/raos manungsa kayata  remen, kaget, gumun, kuciwa, lsp.

Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, hus, lsp.

10. Tembung panyilah yaiku sakabehing tembung kanggo nyilahake patrap, barang, bab, utawa

liyane (kata sandang).

Tuladha: si, sang, para. Ingkang.

Rabu, 22 Juli 2020

TEKS NARATIF KELAS 7

TEKS NARATIF

Pembelajaran kaping pindo, dikarepna siswa mangertos tuladha teks naratif basa Jawa.
pituduhe : dipunserat nggih ......

Teks naratif wonten kang asipat khayalan lan aktual utawa kedadean sabenere. teks naratif ugi duweni maksud kanggo aweh pendidikan, aweh ngerti, aweh refleksi marang para siswa lan menehi daya imajinasi marang wong kang padha maca teks mau.

Tuladha Teks Naratif.

Telat Sekolah 
Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng.​ 
Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune. Bisa luwih iki. 
Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengen. 
Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap. 
Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi. 
PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh. 
Dhog...dhog...dhog…. 
Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh…. 
Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.

Senin, 20 Juli 2020

ANOMAN OBONG KELAS 9


Anoman Obong


Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.

Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya sing diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.

TUGAS!
Maos lan serat crita Anoman Obong..!

Senin, 20 April 2020

Materi Pacelathon Kelas 8


PACELATHON
Pacelathon utawa gunem yaiku omong-omongan wong siji karo liyane. Ing gunem mau kudu nggatekake sapa sing dijak gunem lan basa apa sing kudu digunakake. Seyogyane anggone gunem marang wong liya kudu nggatekake unggah-ungguhing basa, supaya anggone gunem padha baen kepenake. Basa jawa intine ana rong basa, yaiku basa jawa ngoko lan basa jawa krama. Basa ngoko digunakake kanggo micara marang wong sing wis rumaket utawa wong sing saprantaran., dene basa jawa krama digunakake marang wong kang lewih tuwa utawa perlu diajeni kanggo ndhuwurake wong kang dijak micara. Mula banjur ana basa ngoko alus lan basa krama alus. Ing sajroning pacelathon ana unsur-unsur sing mbentuk, disebut uga unsur intrinsik. Unsur Intrinsik antarane:

1.      Tema
Tema yaiku gagasan, ide utawa pokok pikiran sing dadi dhasaring cariyos/crita.

2.      Paraga
Paraga yaiku wong sing ana ing njero crita. Umume tokoh arupa manungsa, tapi bisa uga arupa kewan utawa wujud tartamtu. Watake paraga ing anatarne:
·         Paraga protagonis yaiku paraga sing duweni sipat santun, apik kelakuane, manut aturan sing gumathok.
·         Paraga antagonis yaiku paraga sing remen/seneng nglawan/nentang marang paraga protagonis (disebat uga paraga kang jahat).
·         Paraga figuran yaiku paraga sing semendhing perane (paraga pelengkap).
·         Paraga tritagonis yaiku paraga penengah.

3.      Alur utawa plot
Alur yaiku rangkening kedadeyan ing crita. Jinis alur miturut urutan kedadeyane:
·         Alur maju (rangkening kedadeyan urut saka wayah kedadeyan laju dhateng ngajeng terus).
·         Alur mundur (rangkening crita diawali saka akibat kedadeyan, saka kedadeyan sadurunge).
·         Alur maju-mundur (alur campuran)

4.      Latar/setting
Latar utawa setting diperang dadi 3 yaiku
·         Latar papan panggonan (panggenan ing cariyos)
·         Latar Kahanan (swasana kedadeyan ing cariyos).
·         Latar Wekdal/wektu

5.      Cara mawas/sudut pandang, yaiku kahanan pangripta pas gawe karangan.
Wong kapisan : panulis mapanake minangka ‖aku‖ ing crita. Panulis kaya-kaya nyritakake lelakone dhewek. Wong katelu, panulis mapanake awake ing sanjabane crita. Panulis nggunakake tembung dheweke.

6.      Piwulang yaiku pesen utawa nilai moral sing ana ing crita.

Tuladha Pacelathon Tata Krama!

“Wektu iku ana ing ruang guru, Pak Azwar saweg ngoreksi buku siswa, ijig-ijig ana siswa sing arep takon tugas, amarga dina wingi ora mangkat sekolah.”

Ali             : “assalamu’alaikum Pak”
P. Azwar    : “Wa’alaikum salam, mas, ana apa mas?
Ali             : (tangan ngapurancang kaliyan matur) “Nuwun Sewu Pak, nyuwun ngapunten, kala wingi kulo boten pangkat sekolah, kadosipun wonten tugas, menapa saged kula nyuwun tugasipun kangge nggantos kala wingi kulo boten pangkat.”
P. Azhar    : “Oh, nggih kaleresan, Mas Ali kanggo ngganti tugas wingi, nggarap LKS hal 45 nang kertas ya, ngesuk ditumpuk nang meja Pak guru”!
Ali             : “ nggih Pak, Matur Suwun nggih Pak”.
P. Azhar     : “ ya mas”.

Minggu, 19 April 2020

Materi Aksara Rekan


Aksara Rekan
1. Aksara Rekan cacahe ana 5







Gunanae aksara rekan yaiku kanggo nulis tembung-tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung saka arab. Tuladha:

















2. aksara rekan ora kena dad pasangan. Menawa aksara rekan dumunung ing samburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladha:








3. aksara rekan sing duwe pasangan namung aksara fa. Sanese aksara fa ora duwepasanagn, saengga aksara rekan dumunung ing samburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku. tuladha:








cobi owahana ukara ngisor iki dadi aksara Jawa
1. aku uwis faham.
2. ibu badhe dzikir.
3. ghofur lagi mangan sate
4. khamid maca koran.
5. Zulfa lan Farhan



Jumat, 10 April 2020

Materi Tembang Kinanthi Serat Wulangreh

Tembang Kinanthi Serat Wulangreh
Serat Wulangreh Kaanggit dening Sunan Pakubuwana kaping IV

Tembang Kinanthi ing serat wulangreh isine bab “cara srawung utawa milih kanca”. Isi tembang bisa dimangerteni kanthi negesi tembung-tembung sing ana sing sajroning tembang. Isi tembang Kinanthi migunani banget kanggo urip bebrayan, supaya bisa srawung kanthi apik lan trep saha bisa milih kanca sing bener (solah bawane). Tembang Kinanti ing serat wulangreh ana 16 pada/bait. Tembang Kinanthi kalebu salah sawijining tembang macapat. Mula, ing tembang Kinanthi ana paugeran-paugerane. Guru Gatra yaiku cacahing larik saben sapada. Guru Lagu yaiku tibaning swara wonten ing pungkasaning gatra. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. Tembang Kinanthi ana 6 gatra, guru wilangane 8,8,8,8,8,8, lan guru lagune u,i,a,i,a,i.

Pada 1
Padha Gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

Teges tembung angel
Gulangen         : diolah/dilatih
Kalbu              : ati
Sasmita            : tanda
Lantip              : pinter
Pijer                 : sering
Mangan           : mangan
Nendra            : turu
Kaprawiran     : pahlawan
Kaesthi            : upaya
Sariranira         : awak
Pesenen           : priyatin
Sudanen          : ngurangi
Guling             : turu

*Piwulang tembang ing dhuwur yaiku
1. dadi bocah kudu bisa laku priyatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu
2. Lakokna laku priyatin supaya apa sing dikarepna bisa kasembadan


Pada 4

Nadyan asor wijilipun
Yen kelakuane becik
Utawa sugih carita
Carita kang dadi misil
Iku pantes raketana
Darapon mundhak kang budhi

Teges tembung  angel:

Nadyan           : sanajan
Asor                : andhap/ngisor
Wijilipun         : laire
Misil                : kautungan/pelajaran
Darapon          : supaya
Budhi              : budi/tumindhak becik/ budi pekerti

*Piwulange:  budhi pekerti niku ditingali saking kelakuane dudu saking apik apa alane rupane       manungsa


Muga-muga saking kalih tembang kinanthi ing ndhuwur dadekna lare-lare duweni laku kang becik.

Rabu, 01 April 2020

Materi Tembang Sinom Serat Wulangreh


Tembnag Sinom Serat Wulangreh
Piwulang ing serat wulangreh maneka warna. Serat Wulangreh kang ditulis denging Sunan Pakubuwana kaping IV kuwe saben pupuhe tembang migunani kanggo wong sing maca tembange. Isi tembang Sinom ing serat wulangreh  yaiku  bab dhasar-dhasaring tingkah-laku. Ing tembang macapat duweni paugerane sing kudu digatekna, ing antarne:
Guru gatra       : cacahe gatra/baris saben sapada
Guru lagu        : cacahe wanda/suku kata saben sagatra
Guru wilangan            : tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane gatra.
Paugeran tembang macapat niku wigati sanget, mulane kudu dingerteni lan digatekna. Watake tembang gambuh yaiku grapyak, tegese grapyak yaiku sopan. Tembang sinom ing serat wulangreh ana 33 pada. Ing ngisor iki tembang sinom pada 1.
Tembang sinom
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere denalingi
Bodhone dinokok ngayun
Pamrihe den inaa
Aja na ngarani bangkit
Suka lila denina sapadha-padha

Tembung-tembung sing angel :
Ambeg       : watak                                   
Tan             : ora
amiguna     : mumpangatake
Ngendhak  : ngilangi
sasolahe     : kabeh tingkah lakune
Guna          : mumpangat
denalingi    : ditutupi
Dinokok     : diseleh
den inaa     : dienyek
Ngayun      : ngarep  
janmi         : manungsa
bangkit      : pinter

Paugerane tembang sinom:
Guru Gatra                  : 9
Guru Wilangan            : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Guru Lagu                   : a, i, a, i, i, u, a, i, a

Piwulang tembang sinom ing dhuwur:
1. dadi wong kudu bisa migunane karo sapdha-padha.
2. dadi wong kudu duweni watak andhap ashor lan ora kena gumedhe

Manut isi lan piwulang tembang sinom ana ing serat wulangreh sae sanget menawa diwulangake kaliyan bocah-bocah saiki, supaya duweni rasa tenggel jawab, andhap ashor, sumeh lan seneng tetulung kaliyan sapdha-padha saengga saged migunanani kanggo liyan. Aja ngasi dilalekna piwulang kang adi luhur iki. Mulakna disinau  kanthi tenanan piwulang sing ana ing serat wulangreh kanggo kawruh sesrawungan ana ing masyarakat lan sakiwa tengene urip.

Materi Pacelathon Kelas 7


Pacelathon
Pacelathon utawa gunem yaiku omong-omongan wong siji karo liyane. Ing gunem mau kudu nggatekake sapa sing dijak gunem lan basa apa sing kudu digunakake. Seyogyane anggone gunem marang wong liya kudu nggatekake unggah-ungguhing basa, supaya anggone gunem padha baen kepenake. Basa jawa intine ana rong basa, yaiku basa jawa ngoko lan basa jawa krama. Basa ngoko digunakake kanggo micara marang wong sing wis rumaket utawa wong sing saprantaran., dene basa jawa krama digunakake marang wong kang lewih tuwa utawa perlu diajeni kanggo ndhuwurake wong kang dijak micara. Mula banjur ana basa ngoko alus lan basa krama alus.

1.        Basa Ngoko
  1.  Ngoko Lugu
Basa Jawa ngoko lugu yaiku sarana kanggo gunem sing kedadeyan saka tembung-tembung ngoko.
Basa ngoko lugu kanggo micara:
·      Wong tuwa marang wong enom
·      Wong tuwa marang anake
·      Wong saumuran sing wis akrab
·      Majikan marang bawahane
Tuladha :
·         Ngesuk nggrap PR Bahasa Jawa bareng ya!
·         Mas, aku arep nyilih buku basa jawane.
·         Rasane adem banget nek udan kaya kie.

  1.  Basa Ngoko Alus
          Basa ngoko alus yaiku sarana micara sing tembung-tembunge kedadeyan saka tembung ngoko kecampur krama alus. Sing dikramakake sesebutan wong lan tembung kriya (kata kerja). 
Basa ngoko alus kanggo micara:
·      Wong tuwa (sing lewih endhep jabatane) marang wong enom sing lewih dhuwur jabatane.
·      Wong sing saumuran tapi taksih kepengin ngurmati.
Tuladha:
·         Nimas, jenengan wis tindak nggone Bu guru?
·         Panjenengan arep dhahar apa?
·         Bu Guru arep kondur jam pira?

2.         Basa Krama
  1. Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku sarana micara sing kabeh tembunge krama.
Basa krama lugu kanggo micara:
·      Wong sing lewih tuwa marang wong sing lewih enom (tesih kepengin ngormati).
·      Atasan marang bawahane sing lewih tuwa
Tuladha:
·           Ibu ajeng tumbas wos.
·           Bapak, sampeyan ajeng kesah pundi
·           Pak, ngenjang ajeng nedha napa?.

  1. Basa Krama Alus
Basa krama alus yaiku sarana micara sing tembung-tembunge kedadeyan saka tembung krama lan krama alus.
Basa krama alus kangge:
·      Anak marang wong tuwane
·      Wong enom marang wong tuwa
·      Kenalan anyar
·      Bawahan marang atasan
·      Wong lagi ndonga 
Tuladha:
·           Nuwun sewu asma panjenengan sinten?
·           Bapak badhe tindak dhateng Solo
·           Ibu sampun sare menapa dereng?



Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...