Halaman

Kamis, 23 Januari 2014

pranatacara adat jawa Nyadran

Nama : Nur Fadilah
NIM : 11205244023
Kelas : G
NYADRAN
Nuwun.
Dhumateng Bapak Suparjo minangka pangarsa dhusun Karangsari ingkang satuhu kinurmatan.
Dhumateng Bapak Suparman minangka pangarsa RT 01dhusun Karangsari ingkang dahat kinabekten.
Saha para kadang warga masyarakat karangsari ingkang bagya mulya.
Saderengipun menggah rantamaning adicara nyadran wonten ing dinten menika, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken raos sukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, awit saking kanugrahan saha karaharjan, saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kula wonten ing mriki minangka pranata adicara badhe maosaken tata rakiting adicara nyadran wonten ing dhusun Karangsari. Reroncening adicara nyadran wonten ing dinten menika rinacik mekaten :
  1. Ngresiki pasarean.
  2. Nyekar.
  3. Wilujengan
  4. Pambagyaharja dening bapak lurah
  5. Pasugatan wayang purwa dening dhalang Ki Tuwuh saking Purbalingga.
Mekaten menggah rantamaning adicara nyadran wonten ing dinten menika. Sumangga tumapak adicara purwaka, kanthi pandonga dhumateng Gusti Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Ndedonga kula ndherekaken. Sumangga. Matur nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KIDANG KENCANA

 MATERI CERITA KIDANG KENCANA Cerita Ramayana Kidang Kencana Cerita Ramayana iku caita kang sampun kawentar ing babad jawa. Ramayana asale s...