Halaman

Selasa, 18 November 2014

sosiolinguistik

BAB I
PURWAKA
A.    Dhasaring Panaliten
Basa inggih menika piranti ingkang awujud swanten ingkang dados sarana kangge tiyang komunikasi kaliyan tiyang sanes. Basa ingkang dipunginakaken wonten ing masyrakat menika dipunsinauni dening disiplin ilmu, inggih menika sosiolinguistik. Sosiolinguistik menika dipunpratelakaken dados kalih inggih menika sosiologi lan linguistik. Sosiologi menika ilmu ingkang nyinauni struktur sosial kalian proses-proses sosial, kalebet ugi wonten ewah-ewahing sosial. Menawi linguistik inggih menika sistem lambang swanten ingkang gadhah makna, arbitrer, konvensional, produktif, universal, dinamis, variasi saha manusiawi. Ananging tembung sosiolinguistik menika asring dipungantos dados sosiologi bahasa. Amargi sosiologi basa menika nyinauni basa wonten ing struktur sosial, tuladhanipun  inggih menika dialek.
Wonten ing struktur sosial menika wonten maneka warni basa ingkang dipunginakaken, tuladhanipun inggih menika dialek, idiolek, sosiolek, register, lan sanes-sanesipun. Saking tuladha menika kalebet wonten ing ragam basa, amargi ragam basa inggih menika sistem ingkang gayutipun kalihan situasi utawi kahanan basa, kadosta kadadosan matur, penutur basa, papan matur, lan media basa (lisan lan seratan). Ananging ragam basa ingkang badhe dipunrembag wonten ing makalah inggih menika dialek, mliginipun dialek banyumasan ingkang dipunginakaken wonten ing kabupaten Purbalingga.
 Dialek banyumasan ingkang dipunginakaken tiyang kangge komunikasi wonten ing kabupaten Purbalingga menika maneka warni. Miturut ragam basa, ragam basa menika dipunginakaken miturut  fungsi pangginaan basa  lan gaya ragam basa. Saking menika, dialek banyumasan ingkang dipunginakaken tiyang wonten ing kabupaten Purbalingga kangge komunikasi saben dintenipun saha aktivitasipun saged dipunjumbuhaken miturut fungsi saha style ragam basa utawi variasi. Saengga pangginaan basa dialek banyumasan wonten kabupaten Purbalingga saged dipunanalisis miturut fungsi saha style ragam basa.
Dialek banyumasan ingkang dipunginakaken wonten ing kabupaten purbalingga menika kathah sanget, amargi mayoritas tiyang ingkang wonten ing purbalingga saben dintenipun ginakaken dialek banyumasan, tuladhanipun wonten sekolahan, kantor, peken, lan sanes-sanesipun. Tuladha basa ingkang dipunginakaken tiyang Purbalingga wonten ing sekolahan “tugase koe wis rampung apa urung ya”. Kala wau tuladha basa dialek banyumasan ingkang dipunginakaken wonten ing sekolahan. Saking tuladha menika saged dipunanalisis miturut ragam basa utawi variasi saking tingkat kaformalan.

B.    Undheraning Perkawis
Saking dhassaring panaliten menika saged dipunpanggihaken undheraning perkawis, inggih menika:
1.     Menapa ingkang dipunsebat sosiolingusik?
2.     Menapa ingkang dipunsebat ragam basa utawi variasi?
3.     Menapa ingkang dipunsebat dialek?
4.     Kadospundi ragam basa dialek banyumasan wonten ing kabupaten Purbalingga?
C.    Ancasing Perkawis
Saking adhedasar wosing perkawis  wonten ing nginggil menika, saged kita pendhet ancasipun panaliten, inggih menika:
1.     Saged mangertosi pangertosan sosiolinguistik.
2.     Saged mangertosi pangertosan ragam basa.
3.     Saged mangertosi pangertosan dialek.
4.     Saged menehi informasi bab ragam basa saha dialek.
5.     Saged menehi piwulangan babagan ragam basa wonten ing daerah-daerah menika.
6.     Saged mangertosi pangginaan ragam basa dialek banyumasan wonten ing kabupaten Purbalingga.


D.    Paedahing Perkawis
Saking underaning perkawis menika, saged dipunpendhet pinten-pinten paedah saking panaliten menika, antawisipun:
1.     Saged paring informasi bab sosiolinguistik
2.     Saged menehi informasi bab ragam basa utawi variasi basa.
3.     Saged menehi informasi bab dialek.
4.     Saged menehi informasi bab ragam basa dialek banyumasan wonten ing kabupaten purbalingga.























BAB II
PIREMBAGAN

A. Sosiolinguistik
1.     Pangertosan Sosiolinguistik
Ragam basa menika salah satunggal kajian wonten ing bidang sosiolinguistik. Sosiolinguistik menika saking tembung sosio lan linguistik. Sosio inggih menika ilmu ingkang nyinauni struktur sosial kaliyan proses-proses sosial, kalebet ugi wonten ing ewah-ewahingh sosial. Menawi linguistik inggih menika sistem lambang swanten ingkang gadhah makna, arbitrer, konvensional, produktif, universal, dinamis, variasi saha manusiawi. Dados sosiolinguistik inggih menika ilmu ingkang nyinaoni bab basa utawi linguistik ingkang taksih gesang lan dinamis wonten ing sakiwa tengenipun masyarakat. Sosiolinguistik ugi rembag faktor-faktor sosial ingkang wonten ing sakiwo tengenipun kita. Sosiolinguistik boten namung dipuntingali saking struktur mawon, ananging ugi saking sistem sosial, komunikasi lan basa menika bagian saking kabudayan masyarakat tartamtu.
Saking pangertosan ing nginggil menika, menawi sosiolinguistik menika nyinauni basa ingkang  wonten ing struktur sosialipun. Basa ingkang wonten ing struktur sosial menika kathah sanget, wonten basa nasional, dialek, idialek, sosiolek lan sanes-sanesipun. Saking menika  sedaya basa ingkang dipunginakaken tiyang kangge komunikasi saged dipunlebetaken wonten ing ragam basa, amargi kathah sanget basa ingkang wonten ing struktur sosial.

B.    Ragam Basa.
Basa ingkang dipunginakaken wonten ing komunikasi menika maneka warni. Tuladhanipun menika basa ingkang dipunginakaken wonten komunikasi. Amargi basa komunikasi utawi padintenan beda-beda jinisipun, antawisipun idiolek, sosiolek, register, dialek lan sanes-sanesipun. Saking kathah basa ingkang wonten ing struktur sosial menika kalebet ragam basa utawi variasi. Variasi basa utawi ragam basa inggih menika sistem ingkang gayutipun kaliyan situasi utawi kahanan basa, kadosta kadadosan matur, penutur basa, papan matur, lan media basa (lisan lan seratan).
Martin joss (wonten nababan 1984:22-23) variasi basa miturut tingkat kaformalan dipunbagi dados 5 warni ragam basa utawi style inggih menika ragam beku, ragam resmi, ragam usaha, ragam santai, lan ragam akrab.
a)     Ragam Beku (frozen style)
Ragam beku inggih menika variasi basa ingkang sami formal, ingkang dipunginakaken wonten ing situasi utawi kahanan khidmat, lan upacara-upacara resmi. Tuladhanipun wonten ing upacara kanegaraan, khotbah ing masjid, akte notaris, lan serat-serat kaputusan. Dipunsebat ragam beku amargi pola utawi kaidahipun sampun  dipuntetepaken kanthi mantep, saengga boten saged dipun owahi.
b)     Ragam Resmi (formal style)
Ragam resmi inggih menika varisai basa ingkang dipunginakaken wonten ing sesorah kanegaraan, rapat dinas, serat dinas, sesorah agami, buku-buku piwulang, lan sanesipun.
c)     Ragam usaha
Ragam usaha inggih menika variasi basa ingkang lazim dipunginakaken wonten ing wicantenan, kadosta wonten ing pawiyatan, lan rapat-rapat utawi pamaturing ingkang orientasipun dateng asil utawi produksi.
d)     Ragam Santai
Ragam santai inggih menika variasi ingkang dipunginakaken wonten ing sitiuasi utawi kahanan boten resmi kangge wicantenan ing kaluarga utawi kalihan kanca pribadi, nalika istirahat, olahraga, rekreasi lan sanesipun.
e)     Ragam Akrab
Ragam akrab inggih menika variasi basa ingkang biasanipun dipunginakaken dening para penutur ingkang jawatipun sampun akrab, kadosta anggota kaluarga, utawi antawisipun kanca ingkang sampun akrab.

Miturut andharan bab ragam basa wonten ing nginggil, mila wonten ing panaliten menika, panaliten ginakaken teori ragam basa ingkang dipunandharaken dening Martin Joos, amargi miturut panyerat teori kasebut sampun trep menawi dipunginakaken kangge nganalisis pirembagan wonten ing panaliten menika. Ragam basa ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang wonten ing kabupaten purbalingga menika dialek banyumasan. Saengga basa ingkang dipunginakaken saben dintenipun utawi kangge komunikasi saged dipungolongaken miturut tingkat kaformalan ragam basa.

C.    Dialek Banyumasan
Dialek menika saking basa yunani inggih menika dialektos, tegesipun inggih menika varian saking basa ingkang dipunginakaken miturut penuturipun. Dialek miturut Abdul Chaer inggih menika variasi basa saking sakelompok penutur ingkang jumlahipun relatife, ingkang beda saking satunggal papan utawi daerah kaliyan daerah sanesipun. Saged dipunpendhet dudutan, menawi dialek inggih menika variasi basa saking sakelompok penutur ingkang beda kaliyan kelompok sanesipun miturut papan geografisipun, faktor sosial lan sanes-sanesipun. Ilmu ingkang nyinauni dialek Inggih menika dipunsebat dialektologi.
Dialek wonten ing Indonesia menika kathah sanget, tuladhanipun menika dialek Yogyakarta, banyumasan, tegal, ambon, lan sanes-sanesipun. Ananging ingkang badhe dipunrembag wonten ing makalah inggih menika dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang kabupaten Purbalingga. Dialek banyumasan menika katah ingkang nyebat basa ngapak, amargi basa banyumasan menika radi kasar, beda kaliyan dialek Yogyakarta ingkang alus. Ingkang kalebu dialek banyumasan menika wonten daerah cilacap, banyumas, purbalingga lan banjarnegara.
Dialek banyumasan menika kathah ingkang ginakaken, tuladhanipun ingkang dipunginakaken wonten ing daerah purbalingga. Amargi kangge komunikasi wonten ing saben dintenipun ngginakaken dialek banyumasan. Wonten ing ngandhap menika tuladha dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang makaryo wonten ing peken kabupaten purbalingga.
                        Yu Sarmi        : kwe dodolane apa yu?
                        Yu Darmi        : nyong dodol tempe kie, kenangapa ya, pasar nang kene kok rame terus ya?
                        Saking pacelathon wonten ing nginggil menika, tuladha pacelathon ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang dipunginakaken kangge komunikasi wonten ing peken. Sejatosipun taksih kathah tuladha dialek banyumasan ingkang dipunginaken dening tiyang Purbalingga saben dintenipun. Saking tuladha menika menawi dialek banyumas menika ginakaken tembung, kwe, kie, kenangapa, nyong. Tembung-tembung kala wau menika ciri-ciri saking dialek banyumas.  Saben tembung ingkang pikantuk panambang –e wonten ing dialek banyumasan menika gadhah teges –nya. Lajeng menawi teges saking tembung  kwe menika nyebataken sapaan, “kamu”, nyong “aku”, kie “ ini”, kenangapa “kenapa”, lan sanes-sanesipun.
Saking tuladha ingkang pirembagan wonten ing nginggil menika menawi dialek banyumas menika variasi basa ingkang dipunginakaken dening panutur miturut papan geografisipun. Selajengipun inggih menika kadospundi ragam basa dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang wonten ing kabupaten Purbalingga.

D.    Ragam Basa Dialek Banyumas wonten ing Kabupaten Purbalingga.
Ragam basa menika basa ingkang dipunginakaken sakelompok penutur ingkang gadhah papan geografisipun, tuladhanipun menika dialek banyumasan. Dialek banyumasan menika dados basa ingkang sadinten-dinten dipunginakaken dening tiyang karsidenan banyumasan, tuladhanipun wonten ing daerah Purbalingga. Basa ingkang dipunginakaken tiyang kangge sadinten-dinten utawi komunikasi kaliyan tiyang sanes menika badhe dipunrembag wonten ing ragam basa. Amargi dialek banyumas ingkang dipunginakaken dening tiyang daerah kabupaten Purbalingga menika gadhah ragam basa ingkang beda-beda.
Ragam basa utawi variasi basa menika miturut tingkat kaformalan saged dipunbagi dados 5 ragam basa, inggih menika:
a)     Ragam Beku (frozen style)
Ragam beku inggih menika variasi basa ingkang sami formal, ingkang dipunginakaken wonten ing situasi utawi kahanan khidmat, lan upacara-upacara resmi. Tuladhanipun wonten ing upacara kanegaraan, khotbah ing masjid, akte notaris, lan serat-serat kaputusan. Dipunsebat ragam beku amargi pola utawi kaidahipun sampun  dipuntetepaken kanthi mantep, saengga boten saged dipunowahi.
Saking andharan menika, menawi dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang wonten ing daerah Purbalingga menika boten saged dipunlebetaken wonten ing ragam beku, amargi basa dialek banyumas menika basa ingkang sadinten-dinten dipunginakaken kangge komunikasi kaliyan tiyang sanesipun, sanes kangge acara ingkang khidmat, akte notaris lan sanes-sanesipun. Menawi badhe dipunlebetaken wonten ing ragam beku kedah ngginakaken basa krama inggil. Saengga alih kode rumiyin saking basa ngoko datheng basa jawa karma. Menawi sampun krama inggil basanipun menika dialek banyumasan boten katingal malih.
b)     Ragam Resmi (formal style)
Ragam resmi inggih menika variasi basa ingkang dipunginakaken wonten ing sesorah kanegaraan, rapat dinas, serat dinas, sesorah agami, buku-buku piwulang, lan sanesipun. Saking andharan menika, dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkag wonten ing purbalingga menika boten kalebu ragam resmi. Amargi basanipun ingkang dipunginakaken dening basa resmi menika kedah resmi. Menawi dialek banyumas menika dereng saged dipunlebetaken wonten ing ragam resmi, menawi badhe dipunlebetaken wonten ing ragam resmi kedah alih kode rumiyin, saking ngoko dhateng krama.
Tuladhanipun: “sumangga adicara slametan pasar purbalingga dipunwiwiti.” Saking tuladha menika sampun alih kode saking ngoko dialek banyumasan dhateng karma. Dados saged dipunlebetaken wonten ing ragam resmi kedah alih kode rumiyin.
c)     Ragam usaha
Ragam usaha inggih menika variasi basa ingkang lazim dipunginakaken wonten ing wicantenan, kadosta wonten ing pawiyatan, lan rapat-rapat utawi pamaturing ingkang orientasipun dhateng asil utawi produksi. Wonten ing ragam usaha, dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang wonten ing Purbalingga menika saged dipunlebetaken, amargi ragam usaha menika basa ingkang lazim dipunginakaken wonten ing wicantenan.  
Tuladhanipun: “mangga pak wardi, sing mulai acara slametan kie”
Saking tuladha menika, basa ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga nalika badhe miwiti adicara slametan.
d)     Ragam Santai
Ragam santai inggih menika variasi ingkang dipunginakaken wonten ing situasi utawi kahanan boten resmi kangge wicantenan ing kaluarga utawi kaliyan kanca pribadi, nalika istirahat, olahraga, rekreasi lan sanesipun.
Saking andharan menika, dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga menika saged dipunlebetaken wonten ing ragam santai, amargi dialek banyumasan menika kalebu basa ingkang saben dinten dipunginakaken kangge komunikasi lan wicantenan antawisipun tiyang satunggal kaliyan tiyang sanesipun.
Tuladhanipun: “Mas, kang slamet wis mangkat urung, kok warunge urung bukak”
e)     Ragam Akrab
Ragam akrab inggih menika variasi basa ingkang biasanipun dipunginakaken dening para penutur ingkang jawatipun sampun akrab, kadosta anggota kaluarga, utawi antawisipun kanca ingkang sampun akrab. Saking andharan menika dialek banyumas ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga saged mlebet wonten ing ragam akrab. Amargi dialek banyumas menika basa ingkang dipunginakaken dening tiyang saben dintenipun kangge komunikasi. Sanesipun menika ugi, dialek banyumas kangge akrabaken tiyang satunggal-kaliyan tiyang sanes.
Tuladhanipun: “ kowe lagi kenapa dek, kayane koh tak deleng lagi akeh pikiran?”

Saking analis basa dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga miturut tingkat kaformalan menika, boten sedaya dialek banyumasan saged mlebet wonten ing tingkat kaformalan ragam basa, dados namung pinten kemawon ingkang saged mlebet, inggih menika ragam usaha, ragam santai, lan ragam akrab, menawi ragam beku kaliyan resmi, dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga boten saged mlebet, amargi basanipun sampun baku kaliyan resmi, menawi badhe dipunlebetaken wonten ing kalih ragam basa menika kedah alih kode rumiyin, saking ngoko basa dialek banyumas dhateng basa karma.





BAB III
PANUTUP

A.    Dudutan
Sosiolinguistik inggih menika ilmu ingkang nyinaoni bab basa utawi linguistik ingkang taksih gesang lan dinamis wonten ing sakiwa tengenipun masyarakat. Saking menika sosiolinguistik menika nyinauni basa ingkang  wonten ing struktur sosialipun. Wonten ing struktur sosial menika kathah basa ingkang dipunginakaken dening penutur kangge komunikasi, tuladhanipun dialek, sosiolek, idiolek lan sanes-sanesipun. Saking sedaya kala wau menika kalebu wonten ing variasi basa utawi ragam basa. Ingkang dipunsebat ragam basa utawi variasi basa inggih menika sistem ingkang gayutipun kalihan situasi utawi kahanan basa, kadosta kadadosan matur, penutur basa, papan matur, lan media basa (lisan lan seratan). Variasi basa ingkang sampun gadhah sakelompok penutur miturut papan geografisipun inggih menika dialek. Dialek menika kathah sanget, wonten dialek Banyumasan, Yogyakarta, Surakarta, lan sanes-sanesipun. Wonten ing dialek banyumasan menika wonten kekhasan piyambak, inggih menika saking pangocapanipun. Saengga dialek banyumasan menika dipunteliti mawi ragam basa. Ananging dialek banyumasan ingkang dipunteliti menika basa dialek banyumas ingkang dipunginakaken dening tiyang ingkang wonten ing daerah Purbalingga.
Dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga menika dipunteliti mawi ragam basa ingkang gadhah 5 tingkatan kaformalan ragam basa, inggih menika ragam beku, ragam resmi, ragam usaha, ragam santai, lan ragam akrab. Saking sedaya tingkat kaformalan ragam basa menika, dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga menika namung  saged dipunlebetaken wonten ing tiga tinggkat kaformalan, inggih menika ragam usaha, ragam santai, lan ragam akrab. Menawi basa dialek banyumasan ingkang dipunginakaken dening tiyang Purbalingga menika dipunlebetaken wonten ing ragam beku saha resmi, kedah ngawontenaken alih kode rumiyin, saking basa ngoko dialek banyumasan dhateng jawa karma inggil.
DAFTAR PUSTAKA


Alwasilah, Chaedar. 1985. Sosiologi Bahasa. Bandung: Angkasa
Nababan.1984. sosiolinguistik. Jakarta: Gramedia
Chaer. 1995. Sosiolinguitik Pengenalan Awal. Jakarta: Rineka Cipta        


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KIDANG KENCANA

 MATERI CERITA KIDANG KENCANA Cerita Ramayana Kidang Kencana Cerita Ramayana iku caita kang sampun kawentar ing babad jawa. Ramayana asale s...