Halaman

Selasa, 17 Maret 2020

Geguritan Jawa


Saiket rasa tresna
dening: Nur Fadilah

Tali kang tampa guna iki,
Kagubed ana ing sajeroning ati,
Katon ruwed lan bundhet,
Kadya ora bisa diudhari,
Nanging...
Nalika tumekaning waranggana,
kang nggawa rasa tresna ,
Tali sing nggubed ing jero ati ,
lon-lonan udhar,
dadi pratandha thethukule rasa tresna,
rasa sing tak angen-angen ana ing impen,
rasa tresna iki bakal tak iket karo rasa setya,
senajan namung saiket,
nanging tresna iki ora bakal mati,
nganti tumekaning pati.


Kuciwa
dening : Nur Fadilah

srengenge kang katon padhang,
nalika aku nyandhing sliramu,
wulan kang katon endah,
nalika aku nyawang manis esem sliramu,
nanging ....nanging saiki...
kabeh rasa iku wis bubrah,  wis ambyar,
nalika sliramu medhot janji suci,
medhot tali tresna kanggo wong liya,
kembang mawar kang tau ana ing atiku,
saiki wis layu, saiki wis mati,
kaya tresnaku marang sliramu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...