Nama : Nur Fadilah
NIM : 11205244023
Kelas : C
Mata
Kuliah : Sanggar Sastra
Tresna
lan Petaka
Dening: Nur Fadilah
Rikala
manungsa tresna kaliyan banda donyane,
ana kala sing bakal manungsa iku nangis, cidra, lan jaluk tulung marang sang
cipta, iku jaman sing rabakal diramal utawi dikira-kira dening penggalih
manungsa. Nalika alam iki wis ora gumathuk karo manungsa, alam iki bakal
ngamuk. Dosa apa ta manungsa iki, apa ora syukur karo sing diparingi Sang Jagad
Raya iki!. Wengi iki, awan katon peteng lan kandhel ora kaya biasane, Salman,
penggembala sapi iku, langsung lebokake sapine nang kandange, amarga awane
kathon mendung…ngaaaaak, swara sapi kang ora gelem mlebu kandhang. Salman trus
narik sapi iku nganti mlebu kandhang. Salman kang dina-dinane ngarit suket iki,
sipate apik, tekun, rajin, lan sregep ngibadah, ora kaya wong-wong tangga umah,
sing saben dina dolanan, judi, wadonan, lan adoh karo sing gawe urip.
Jago wis
pathing kluruk ing esuk iki, iku pratandha menawi dina wis esuk. Wayahe
wong-wong padha nyambut gawe golek pangan lan kerja. Dina iki Kang Salman radi
kebingungan amarga, sapi sing saben dina di ngaritna iku lara, ora gelem mangan
apa-apa. “Salman, kwe kenapa, kok kayake gelisah tenan e, ra kaya biasane”, iku
ujare tangge Kang saben dinane lewat
ngarep umahe Salman. Salman mung mangsuli “ ora apa-apa mung sapine lagi ora
gelem mangan suket”. Karo mikir pie carane sapi iku mari lan gelem mangan. Salman
ora entong akal, Salman terus golek godhong sari sing bisa gawe sapine mari
maneh, akhire Salman golek godhong kuwi lan ketemu godhong kuwi. Langsung
dipakanke nang sapine lan, seketika kuwi, sapine mari lan purun mam mangan
suket maneh. Salman langsung seneng, merga sapine wis mari maneh.
Sawektu
Salman golek suket, Salman mirsani tiyang saweg mabuk-mabukan nang ngisor
jembatan, Salman namung priyatin weruh tingkah lakune wong ing desane sing kaya
ngana kui. “ geh, Salman rene, melu pesta mabuk ora,,,rene ngombe bareng, enak
iki , kya ngefly ki Salman”, Salman namung mangguk-mangguk, karo ngarit.
Sawise
Salman balik ngarit, Salman ketemu karo Siti, “Sit, sampean ki saka ngendi e,
kok nembe balik?” pitakone Salman karo mesem. Siti langsung mangsuli pitakenane
Salman “Aku iki saka pasar mas, wis tuku sayur Kanggo ngesuk masak mas” Siti
iki, wanita Kang disenengi dening Kang Salman. Salman nganterke Siti tekan
ngarep umahe. Sakwise kui, Salman langsung balik nang umah nganterke suket sing
wis diaritke mau awan. Sore kuwi tanggane Kang jenenge Burhan, ngajak Salman
nang pasar malam. Burhan iki, pemuda ingkang remene seneng-seneng kaliyan
wanita, dados sakwise balik kerja Kang Burhan iki ora bakalan ketinggalan jaman
nek masalah wadonan. Pasti saben minggu gontak-ganti pacar. Salman sing wis
katingal kesel kui, ra gelem diajak nang Burhan, merga awake sing wis kesel. “y
wis nek sampean ra gelem tak ajak, aja nyesel yo nek aku gawa cwe cantik lan
semok”, ature Burhan kang radi katingal akeh duit. Salman namung gedek-gedek
kemawon marang Kang Burhan. Selang pinten-pinten wektu, Kang Burhan wis balik
karo gawa endele sing cantik lan semok kui, wektu kui, Salman lagi lenggah ana
ing teras umahe, “ kie Kang, genes sanget ra cewe iki, sampean si mau tak ajak
ora gelem, nek gelem, wis tak gawake wedonan sing ayu saka iki Kang”, ature Kang
Burhan kang lagi mabok lan ditatih dening cwe ayu kui”. Salman namung mangsuli,
“Tobat to Kang, eling marang sing Maha Kuasa, aja diteruske le mabuk lan
wadonane,” Kang Burhan malah nawarke ombenane. Kang Burhan sing wis mabuk kui,
langsung digawa mlebu ngumahe Kang Burhan nang wadonan mau kui. Nang jero
manahe Salman “y Allah, eling ana hambamu iki sing wis ora bener iki”.
Esuk
iki, Salman arep nang pasar, arep golek clurit. Merga clurit sing biasa Kanggo
ngarit, wis ora landep kaya anyare. Tiba-tiba nang tengah dalan, Salman ketemu
karo Siti wanita pujaane, Salman langsung radi isin lan gugup, “ badhe tindak
pundi yu Siti”, takone Salman karo mesem-mesem dewe, “ iki mas, arep tuku lisah
kanggo masak gorengan mas, mase badhe tindak pasar ugi?”. Mangsulane Siti kang
duwe rasa tresna ugi marang Kang Salman. “y sareng-sareng mawon le menyang
pasare ti”. Akhire Kang Salman lan Siti menyang sareng-sareng nang pasar, karo
gawa rasa tresna kui. Sawise kabeh wis dituku, Salman lan Siti wangsul datheng
umahe dewe-dewe, nanging nang tengah dalan Salman lan Siti, ningali
simbah-simbah arep nyebrang dalan,
ananging boten saged nyebrang, dados Siti lan Salman sareng-sareng nyebrangke
simbah-simbah mau sing wis sepuh. Serasi lan duweni sifat ingang apik lan becik.
Iku sipat sing diduweni dening Salman lan Siti.
Wengi kang
terang iki, akeh wong-wong padha kumpul nang umahe Kang Burhan, pemuda sing wis
kawentar nang pundhi-pundhi wadonane. Wong-wong nang kana padha mabuk, ana sing
maen kartu, ana ugi sing lagi dolanan wadonane, saengga kahanan nang umahe Kang
Burhan rame sanget. “kados pundi Kang, sampun pikantuk wadonan durung, di
seneng-senengke pokoke wengi iki Kang”, pituture Kang Burhan marang kanca
dolane sing lagi ngombe arak lan maen kartu. Umahe Kang Salman sing ora adoh
saka umahe Kang Burhan iku, krasa terganggu karo tingkahlakune kanca-kancane Kang
Burhan. Kang Salman namung mendel kemawon, amargi sampun bingung, kados pundi
cara malih supados Kang Burhan tobat lan ora gawe gaduh wonten ing sisih kiwa
tengene warga.
Jago
sampun sami kluruk, iku pratanda menawi wis esuk, wong-wong kang padha
seneng-seneng nang umahe Kang Burhan durung padha tangi. Ana sing turu karo
wadonane, ana sing nyandhing arak lan sapanungggale. Dina kui, si Siti lewat
nang ngarep umahe Kang Burhan, Siti namung kaget lan bingung, “ki wengi wis ana
acara apa ta, kok rame tenan nang umahe Kang Burhan”. Kang Salman ingkang lagi
ningali sapine, weruh Siti lewat nang ngarep umahe Kang Burhan, “ jenengan arep
lunga ngendi ti, kok esuk-esuk tenan”, pitakone Kang Salman kanthi ati kang
bungah, Siti langsung mangsuli kanthi nyedaki Kang Salman ingkang lagi ningali
sapine “iki Kang arep jalan-jalan mawon, mumpung tesih esuk, Kang iku kok nang
umahe Kang Burhan rame tenan, ana acara apa to Kang wau mbengi ki?” Kang Salman
langsung mangsuli “iku, membengi ki ana pestane Kang Burhan karo kanca-kanca
ti”. Siti namung mangguk-mangguk mawon. Kang Salman lan Siti lajeng cerita
menapa kemawon kanthi kalih-kalihe kesupen menawi sampun siang. Si Salman
lajeng ngajak Siti maem sareng ana ing angkringan mangke ndalu. Siti ingkang
remen kaliyan Salman, wonten manah bungah sanget, amarga diajak maem
sareng-ssareng kaliyan Salman. Siti lajeng purun.
Ngentosi
mangke ndalu Salman, wis deg-degan manahe, kanthi kaya kendang sing lagi moni
ra mandeg-mandeg, pokoke nganthi ora sabar maneh acara kui. Wengi wis teka, kui
pratanda menawi acara kang diantu-antu sedela maneh arep teka. Kang Salman
terus langsung dandan rapi lan wangi sanget, supados saged narik kawigatosane Siti.
Sawise kabeh wis siap, Salman langsung nang umahe Siti. Wektu Kang Salman
ngetoke motore, Kang Burhan lagi nang ngarep umah, “jenengan arep nang ndi Kang
Salman, kok rapi tenan, kaya arep kondangan?”, pitakone Kang Burhan karo
nyanding wadonane. Kang Salman langsung mangsuli “ki arep dolan karo Siti Kang”.
Kang Burhan langsung mangsuli ugi “ohalah arep dolan karo Siti to, mending melu
aku wae nang umahku, aku arep pesta gede-gedean maneh ki Kang, akeh wadone,
ombene lah pokoke komplit Kang, tinimbang karo Siti, hahahahaha”. Kang Salman
namung meneng wae lan gedeg-gedeg. Nang jero manah Salman berdoa “y Allah,
paring pikiran padang Kang Burhan iki”.
Sawise
wis siap, Kang Salman langsung mangkat. Tin-tin…..suara tlakson motore Kang Salman.
Iku pratandha menawi Kang Salman wis dugi umahe Siti. Siti Kang wis kaprungu
suara tlakson kui, langsung cepet-cepet metu saka umah. “eh Kang Salman sampun
dugi”. Pituture Siti karo mesem. Kang Salman langsung mangsuli pitakone Siti
“iyo ti, wah sampean genes tenan e ti, ayo numpak ti”. Siti namung mesem lan
bungah sanget, krungu suara saka Kang Salman sing mangkono mau. Siti lan Salman langsung mangkat nang
angkrinagn sing wis disepakati. Neng nang papan sanese, Kang Burhan lagi pesta
gede-gedean kaliyan kanca-kanca nang umahe. Ana sing lagi karo wadonane,
ngombe, judi, mangan obat terlarang lan liya-liyane.
Kang Salman
kaliyan Siti lajeng maem sareng-sareng nang angkringan kuwi, Salman lan Siti
carios bab pakaryan, cita-cita lan sanes-sanes. Saderenge arep wangsul, Salman
radi deg-degan, amargi badhe matur, menawi deweke tresna kaliyan Siti. “
sit,,,,,sampean purun kalih kula”, pitakone
Salman mawi deg-degan lan gugup. Siti lajeng mangsuli, “mas Salman ki
ngomong opo to, kok aku ra donk Kang”. Salman langsung jelaske sing sabenere
“kaya ngene lho ti, sakjane aku ki, tresna kaliyan sliramu,,,,,,,,,, menapa Siti
purun kalih kula”. Siti sawise krungu mangkono, langsung atine bungah lan
seneng, lajeng Siti langsung mangsuli “ inggih mas, kula yo ugi tresna kaliyan Kang
Salman, kula purun mas”. Salman lajeng ugi bungah krungu wangsulane Siti Kang
gawe bungah atine Salman.
Nang
umahe Kang Burhan Kang lagi pesta, salah sijii kanca sing lagi mabok lan rokok
ora sengaja buang putung rokok nang kasur, saengga putung kui gawe geni nang
kasur lan ngobong umahe kang Burhan. Dados Kang Burhan lan wong-wong sing ana
ing jero umahe Kang Burhan do kejebak, alias ra iso metu saka umahe kang Burhan.
Kang Burhan namung ngorong-ngorong jaluk tulung, ananging boten wonten warga
ingkang krungu. Dados Burhan lan kanca-kanca ingkang wonten ing daleme umahe Kang
Burhan do mati kabeh, ora ana sing urip. Kang Salman lan Siti sing wis rampung
mam bareng lan wis seneng-seneng kuwi langsung balik nang umah, sawise tekan
umah, Kang Salman lan Siti kaget, amargi umahe Kang Burhan wis kebakar kabeh,
kanti ora ana sing wutuh, “Kang, umahe Kang Burhan kebakar”, Kang Salman lajeng
mangsuli, “he’eh ti, umahe kebakar, kok ora ana wong sing menangi yo, mesake
tenan Kang Burhan, mau wis ngajak aku supaya melu pestane, malah akhire kaya
ngene Kang, durung tobat, malah ajalmu kaya ngene Kang. Muga-muga dosane Kang
Burhan diampuni dening Allah”. Kang Salman lan Siti lajeng nyuwun tulung
kaliyan warga supados mademke geni sing ngobar umahe Kang Salman.
Pinten
sasi selajenge, Kang Salman lan Siti bojo alias ndhaup kaluwarga. Kang Salman
sanget tresna lan asih marang Siti, saengga gesange kaluwargane, begja mulya,
lan dados kaluargi ingkang sakinah mawadah lan warohmah. Siti lan Kang Salman uripe
makmur, mulya lan bahagia nganti dikaruniayi putra lan putri ingkang soleh lan
solehah.