Halaman

Jumat, 20 Mei 2016

sesorah



Kelas IX SEMESTER GENEP
SKKD : A. Mendengarkan
            SK: mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam berbagai ragam Bahasa Jawa.
            KD: Mendengarka Pidato
1.      PIDATO/SESORAH
A.    Pangertosan pidato/Sesorah
Sesorah utawi pidato  yaiku micara utawa nglairaken gagasan, panemu kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah asring dipunsebat medharsabda, medhar tegese ngandharake, menawi sabda yaiku omongan. Wong sesorah iku ngadhepi wong sing maneka warna, umpamane beda pangkat, kalungguhan, tataran ngelmu, umur lan sapiturute. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati sing kudu digatekake supaya anggone sesorah bisa kasil kaya sing dikarepake.
B.     Bab wigati nalika sesorah
Supaya anggone sesorah bisa kaleksan kanthi becik, mula tiyang ingkang sesorah kudu nggatekake bab:
·         Wicara/basa
Basa sing dinggo kudu cocog karo sing diadepi. Basa ngoko kui dinggo menawa sing diadepi iku bocah utawa luwih nom tinimbang sesorah. Basa karma digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tua utawa wong sing kudu dikurmati, ing acara resmi, upacara adat lsp. Wicara becike sing cetha pocapane (lafal), ora gerogi, utawa bindheng.
·         Wirama/swara
Wirama swara sing kepenak dirungokake, aja keseron, aja kecepeten, saengga apa sing diwedharake bisa dingerteni opo karepe. Iramane uga sing becik aja ndlujur kaya wong maca buku.
·         Wiraga (solah bawa, patrap/sikap)
Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep maring pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk, lan aja ndlangak.
·         Wirasa/penjiwaan
Wong sesorah kudu nglarasake/ngetrepake kara kahanan utawa suwasana. Menawa kahanane susah, swarane alus lan alon, aja karo gojegan. Ing acara seneng kayata syukuran, supitan, mantu tanggapwarsa, bisa karo irama sing becik lsp.
C.    Ancase Sesorah
Ancas saka wong sesorah iku bisa kapilah:                          
·         Atur pambagya yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa lsp.
·         Atur kabar, pawarta utawi informasi.tuladhane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang lan sapiturute.
·         Aweh panglipur/hiburan
Sesorah kangge aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe, umpamane ing acara mantu, tanggap warsa lsp.
·         Pangajak
Sesorah kang asipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut/melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake, umpamane sesorah ing papan ibadah, panyuluhan kesehatan, sesorah babagan agama lsp.
D.    Urut-urutane Sesorah
·         Uluk salam/salam pambuka, tuladhane nuwun, kula nuwun, sugeng siang utawa salam liyane minangka tandha aruh marang tamu sapdha-padha.
·         Purwaka/pamuji, isine puji syukur marang Gusti, klaiyan matur panuwun marang tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ana ing acara sing dianakake.
·         Isi/wigatining atur, isine baba pa wae sing bakal diaturake.
·         Pangarep-arep, isine bab sing disuwunake (diarep-arep) sing kagungan kersa marang tamune, umpamane donga, pitutur, panglipur, lsp.
·         Panutup, isine atur panuwun awit rawuhe tamu lan nyuwun pangapura menawi anggne nampa tamu, utawa sing micara ana tetembungan sing kurang becik, solah bawane utawa tumindake sing ora mranani penggalih para tamu sing rawuh.

TULADHA SESORAH.
Perpisahan Siswa Kelas IX

Assalaamu’alaikum  Wr. Wb.
            Ingkang kula hormati Kepala, Mts Ma’arif NU 10 Krenceng ingkang kula hormati Bapak/Ibu Guru karyawan/kryawati Mts Ma’arif NU 10 Krenceng, saha para kadang siswa ingkang satuhu kula tresnani.
            Langkung rumiyin sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah karohmatan, kanikmatan, kasarasan satemah kula sedaya saengga wekdal menika kula lan panjenengan saged kempal manunggal wonten ing Aula Mts Ma’arif NU 10 Krenceng nir ing sambekala.
            Kula minangka perwakilan saking siswa kelas IX ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak ibu guru awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kuwajiban anggenipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti ingkang maha Agung saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katrentreman saengga saged anggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. Mboten kesupen ugi kula sakanca ugi nyuwun pangampunten, awit kula sakanca asring damel bapak ibu duka lan kuciwa awit saking atur saha solahbawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan.
Dhumateng adhik-adhik kelas I lan II ingkang satuhu kula tresnani, mugi-mugi tansaha sregep anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan menika. sanesipun menika ugi mugi dados siswa ingkang tansah ngurmati lan ngajeni dhateng bapak ibu guru lan tiyang sepuhipun.
            Dene salajengipun kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan menika, kula sakanca  saged nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
            Bapak/Ibu guru saha para tamu, saha  kadang  kanca ingkang kula tresnani. Cekap semanten atur kula, kathah kekirangan nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
            Akhirul kalam, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Wassalaamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...