Halaman

Jumat, 20 Mei 2016

layang



BASA JAWA
LAYANG
A.    Pangertosan

Layang/ serat yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan. Dadi layang iku mujudake salah sijine sarana komunikasi. Senajan ing mangsa saiki wis ana sarana komunikasi kang luwih canggih, kaya tilpun kabel, tilpun seluler, internet, e-mail, sms, telegram, lsp. Nanging layang isih akeh digunakake masyarakat kanggo sesambungan, lan ngirim kabar. Layang uga ana sing ngarani iku salah sijine alat utawa piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis.
B.     Jinising Layang
1.      Layang Kitir
Yaiku layang sing isine mung saperlune wae, cekak/ringkes, ditulis ing kertas sakechandake nangis aos. Layang iki kaya dene kanggo pangeling eling. Layang iki katulis ana ing dluwang bisa awujud embaran kertas cilik. Layang kitir iki ora merlokake purwaka basa lan wasana basa, dadi mung isi wae. Isine kang wigati dadi mbutuhake wektu kang cepet dikirim lan ditampa. layang kitir iki bisa tanpa amplop (mbukak) utawa nganggo amplop (nutup). Tuladhane layang kitir yaiku : note, resep dokter, lan liyan liyane.
tuladhane:
Katur Mas Bayu, ing dalem
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene anggonku mbalekake mengko bengi.
Purbalingga, 2 Mei 2016
                                                                                                      Adhimu
                                                                                                                                                      
                                                                   Sunaryo
2.  Layang Paturan
Yaiku sawijine layang sing isine menehi weruh utawa ngabari samubarang sing kudu ngerteni dening wong akeh. Layang iki biasane kadosta wara-wara.
3.  Layang Dawuh
Yaiku layang sing isine dhawuh wong sing luweh dhuwur pangkate marang wong sangisore.

4.  Layang Ulem
Yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang yaiku ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran, ulang tahun lan pahargyan liyane. Bab kang perlu digatekake nalika gawe layang ulem yaiku:
a. Apa acarane/ duwe gawe apa
b. Ing ngendi papane
c. Sapa asmane kang diaturi
d. Kapan wektune (dina, tanggal, lan jam)
e. Sapa asmane sing ngaturi
f. Sapa asmane kang melu ngaturi
Perangane layang ulem kayata: a. Titi mangsa : nelakake wektu pengawening layang b. Adangiyah : nelakake unggah-ungguh sing nggawe layang/ salam pambuka c. Isi (surasa basa) : nelakake apa bae sing perlu dikabarake marang sing dikirimi d. Panutup (wasana basa): nelakake panjurung kang gegandhengan karo isining layang e. Peprenah : nelakake peprenahe sing ngirim layang f. Asma terang : nelakake asmane sing kirim layang g. Katerangan : nelakake paraga kang melu ngarep-arep rawuhe tamu.
5.  Layang Lelayu
Yaiku layang sing isine meneh kabar kesripahan utawa wong kepaten. Biasane layang lelayu iku kapacak ana ing layang-layang kabar kang abasa Jawa kayata: Mekar Sari, Jaya Baya, Djaka Lodang, lsp. Perangane layang lelayu: a. Purwaka b. Kabar Lelayu c. Wasana Basa d. Pengirim
Tuladha:
“bilih kala wau dalu dinten Jumat, 12 Januwari 2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi ketimbalan ing Allah wonten ing Griya Sakit Umum Lumajang. Layon badhe kasarekaken ing dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking griya duhkita tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang. Nuwun”
6.  Layang Genep/iber-iber
Yaiku layang sing isine jangkep nggunakake unggah ungguh sing trep, nganggo bebuka, isi, tanggal, peprenah, lan tanda tangan serta jenenge sing ngerem. Isine layang iki ugi werna-werna ya bab kahanan, suka-sukane, kesarasan lan saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.


Tuladha :                                                                     Kang pandonga marang anakku 

                                                                                      Irawan, Ing Jakarta  
                                  
Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.
wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.
                                                                             Parakan, 22 Nopember 2009
                                                                                                   Bapak:

                                                                                  Suradi

C.     Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis layang kiriman
1)      Kanggo sapa layang kasebut dikirim
2)      Yen layang katujokake marang wong tuwo atau wong sing luwih tuwo. Pragane migunakake basa karma
3)      Yen layang katujokake marang kanca. Cukup migunakake basa ngoko.
4)      Panulisane jeneng kang dituju kudune genep. yen perlu katulis lengkap pangkat / Kalungguhane.
5)      Panulisane alamat/papan sing arep dikirim kudu cetha an jangkep. (Prayogane ditulis uga kode pose)

D.     Bagian-bagian layang :

Satata basa  : alamat layang
Adangiyah   : ucapan puji syukur
Purwaka     : salam pembuka ( saged nakokae kabar)
Surasa basa  : isi layang/kekarepane layang
Wasana basa : ukara panutup layang
Titi mangsa : wekdal panyeratan layang
Prepenah      : nama ingkang ngirim
Tapak asma : tanda tangan pengirim
Asma terang : nama lengkap pengirim (dibawah tanda tangan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...