Halaman

Jumat, 20 Mei 2016

tembung Camboran



Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan duweni teges  anyar. Miturut Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka, tembung camboran iku kaperang dadi loro, yaiku (miturut wujude)
1.      Camboran utuh yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung-tembung kang esih wutuh. Tuladhane:
Meja tulis, lemari kaca, iwak ayam, dhadha menthok, buku gambar, pitik walik,  raja lele (jenis beras), semar mendem (jenis makanan), adol bagus (jual tampan), tepa slira (timbang rasa), lembah manah (rendah hati), pasrah bongkokan (menyerah). Edi peni (apik banget), tindak tanduk (solahbawane), lara lapa( rekasa).enom tuwwa, gedhe cilik, bapa biyung, kaca mata.
2.      Camboran tugel yaiku tembung camboran kang anggone nggabung kanthi nyudha/ngurangi huruf ytawi foneme. Tuladhane:
Panas + atis = panastis
Abot + repot= botrepot
Balung + kulit = lunglit (tulang kulit)
Abang + ijo =bangjo (lampu merah)
Gedhe + bagus = dhegus (besar tampan)
Cendhek + dhuwur = dhekwur (pendhek tinggi)
Idu + abang = dubang ( ludah pemakan sirih)
Bathuk + klimis = thukmis (hidung belang)
Siji + loro = jiro
Ibu + cilik = bulik
Gedhe + cilik = dhelik
Bapak + gedhe = pakdhe
Mengko + dhisik = koshik
Manut tegese camboran uga kaperang dadi loro yaiku:
a.    Tembung camboran tunggal, yaiku tembung lara sing beda tegese, dikanggo bebarangan, nanging nuwuhake teges anyar. Tuladhane: nagasari (nama makanan), semar mendhem (nama makanan), randha royal. Raja lele (nama beras)kuping gajah (nama makanan)
b.   Tembung camboran wudhar yaiku tembung loro sing beda tegese, dikanggo bebarengan, nanging tegese tetep. Tuladhane: meja kursi, pager wesi, pager kayu, sawo mateng, kendhang jaran.


Miturut hubungan wanda siji lan sijine, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yaiku:
a.       Tembung camboran kang nduweni teges saderajat (kopulatif). Tuladhane: gedhe cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan.
b.      Tembung camboran kang tembung kapindho nerangake tembung sapisan (determinative). Tuladhane: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
c.       Tembung camboran kang tembumng sapisan nerangake tembung kapindho. Tuladhane: sastra kang parama (linuwih), pandhu putra (putrane pandhu).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...