Halaman

Sabtu, 28 Mei 2016

cerkak



Nama              : Nur Fadilah
NIM                 : 11205244023
Kelas               : C
Mata Kuliah    : Sanggar Sastra

Tresna lan Petaka
Dening: Nur Fadilah
Rikala manungsa tresna  kaliyan banda donyane, ana kala sing bakal manungsa iku nangis, cidra, lan jaluk tulung marang sang cipta, iku jaman sing rabakal diramal utawi dikira-kira dening penggalih manungsa. Nalika alam iki wis ora gumathuk karo manungsa, alam iki bakal ngamuk. Dosa apa ta manungsa iki, apa ora syukur karo sing diparingi Sang Jagad Raya iki!. Wengi iki, awan katon peteng lan kandhel ora kaya biasane, Salman, penggembala sapi iku, langsung lebokake sapine nang kandange, amarga awane kathon mendung…ngaaaaak, swara sapi kang ora gelem mlebu kandhang. Salman trus narik sapi iku nganti mlebu kandhang. Salman kang dina-dinane ngarit suket iki, sipate apik, tekun, rajin, lan sregep ngibadah, ora kaya wong-wong tangga umah, sing saben dina dolanan, judi, wadonan, lan adoh karo sing gawe urip.
Jago wis pathing kluruk ing esuk iki, iku pratandha menawi dina wis esuk. Wayahe wong-wong padha nyambut gawe golek pangan lan kerja. Dina iki Kang Salman radi kebingungan amarga, sapi sing saben dina di ngaritna iku lara, ora gelem mangan apa-apa. “Salman, kwe kenapa, kok kayake gelisah tenan e, ra kaya biasane”, iku ujare tangge Kang saben dinane  lewat ngarep umahe Salman. Salman mung mangsuli “ ora apa-apa mung sapine lagi ora gelem mangan suket”. Karo mikir pie carane sapi iku mari lan gelem mangan. Salman ora entong akal, Salman terus golek godhong sari sing bisa gawe sapine mari maneh, akhire Salman golek godhong kuwi lan ketemu godhong kuwi. Langsung dipakanke nang sapine lan, seketika kuwi, sapine mari lan purun mam mangan suket maneh. Salman langsung seneng, merga sapine wis mari maneh.
Sawektu Salman golek suket, Salman mirsani tiyang saweg mabuk-mabukan nang ngisor jembatan, Salman namung priyatin weruh tingkah lakune wong ing desane sing kaya ngana kui. “ geh, Salman rene, melu pesta mabuk ora,,,rene ngombe bareng, enak iki , kya ngefly ki Salman”, Salman namung mangguk-mangguk, karo ngarit.
Sawise Salman balik ngarit, Salman ketemu karo Siti, “Sit, sampean ki saka ngendi e, kok nembe balik?” pitakone Salman karo mesem. Siti langsung mangsuli pitakenane Salman “Aku iki saka pasar mas, wis tuku sayur Kanggo ngesuk masak mas” Siti iki, wanita Kang disenengi dening Kang Salman. Salman nganterke Siti tekan ngarep umahe. Sakwise kui, Salman langsung balik nang umah nganterke suket sing wis diaritke mau awan. Sore kuwi tanggane Kang jenenge Burhan, ngajak Salman nang pasar malam. Burhan iki, pemuda ingkang remene seneng-seneng kaliyan wanita, dados sakwise balik kerja Kang Burhan iki ora bakalan ketinggalan jaman nek masalah wadonan. Pasti saben minggu gontak-ganti pacar. Salman sing wis katingal kesel kui, ra gelem diajak nang Burhan, merga awake sing wis kesel. “y wis nek sampean ra gelem tak ajak, aja nyesel yo nek aku gawa cwe cantik lan semok”, ature Burhan kang radi katingal akeh duit. Salman namung gedek-gedek kemawon marang Kang Burhan. Selang pinten-pinten wektu, Kang Burhan wis balik karo gawa endele sing cantik lan semok kui, wektu kui, Salman lagi lenggah ana ing teras umahe, “ kie Kang, genes sanget ra cewe iki, sampean si mau tak ajak ora gelem, nek gelem, wis tak gawake wedonan sing ayu saka iki Kang”, ature Kang Burhan kang lagi mabok lan ditatih dening cwe ayu kui”. Salman namung mangsuli, “Tobat to Kang, eling marang sing Maha Kuasa, aja diteruske le mabuk lan wadonane,” Kang Burhan malah nawarke ombenane. Kang Burhan sing wis mabuk kui, langsung digawa mlebu ngumahe Kang Burhan nang wadonan mau kui. Nang jero manahe Salman “y Allah, eling ana hambamu iki sing wis ora bener iki”.
Esuk iki, Salman arep nang pasar, arep golek clurit. Merga clurit sing biasa Kanggo ngarit, wis ora landep kaya anyare. Tiba-tiba nang tengah dalan, Salman ketemu karo Siti wanita pujaane, Salman langsung radi isin lan gugup, “ badhe tindak pundi yu Siti”, takone Salman karo mesem-mesem dewe, “ iki mas, arep tuku lisah kanggo masak gorengan mas, mase badhe tindak pasar ugi?”. Mangsulane Siti kang duwe rasa tresna ugi marang Kang Salman. “y sareng-sareng mawon le menyang pasare ti”. Akhire Kang Salman lan Siti menyang sareng-sareng nang pasar, karo gawa rasa tresna kui. Sawise kabeh wis dituku, Salman lan Siti wangsul datheng umahe dewe-dewe, nanging nang tengah dalan Salman lan Siti, ningali simbah-simbah arep nyebrang  dalan, ananging boten saged nyebrang, dados Siti lan Salman sareng-sareng nyebrangke simbah-simbah mau sing wis sepuh. Serasi lan duweni sifat ingang apik lan becik. Iku sipat sing diduweni dening Salman lan Siti.
Wengi kang terang iki, akeh wong-wong padha kumpul nang umahe Kang Burhan, pemuda sing wis kawentar nang pundhi-pundhi wadonane. Wong-wong nang kana padha mabuk, ana sing maen kartu, ana ugi sing lagi dolanan wadonane, saengga kahanan nang umahe Kang Burhan rame sanget. “kados pundi Kang, sampun pikantuk wadonan durung, di seneng-senengke pokoke wengi iki Kang”, pituture Kang Burhan marang kanca dolane sing lagi ngombe arak lan maen kartu. Umahe Kang Salman sing ora adoh saka umahe Kang Burhan iku, krasa terganggu karo tingkahlakune kanca-kancane Kang Burhan. Kang Salman namung mendel kemawon, amargi sampun bingung, kados pundi cara malih supados Kang Burhan tobat lan ora gawe gaduh wonten ing sisih kiwa tengene warga.
Jago sampun sami kluruk, iku pratanda menawi wis esuk, wong-wong kang padha seneng-seneng nang umahe Kang Burhan durung padha tangi. Ana sing turu karo wadonane, ana sing nyandhing arak lan sapanungggale. Dina kui, si Siti lewat nang ngarep umahe Kang Burhan, Siti namung kaget lan bingung, “ki wengi wis ana acara apa ta, kok rame tenan nang umahe Kang Burhan”. Kang Salman ingkang lagi ningali sapine, weruh Siti lewat nang ngarep umahe Kang Burhan, “ jenengan arep lunga ngendi ti, kok esuk-esuk tenan”, pitakone Kang Salman kanthi ati kang bungah, Siti langsung mangsuli kanthi nyedaki Kang Salman ingkang lagi ningali sapine “iki Kang arep jalan-jalan mawon, mumpung tesih esuk, Kang iku kok nang umahe Kang Burhan rame tenan, ana acara apa to Kang wau mbengi ki?” Kang Salman langsung mangsuli “iku, membengi ki ana pestane Kang Burhan karo kanca-kanca ti”. Siti namung mangguk-mangguk mawon. Kang Salman lan Siti lajeng cerita menapa kemawon kanthi kalih-kalihe kesupen menawi sampun siang. Si Salman lajeng ngajak Siti maem sareng ana ing angkringan mangke ndalu. Siti ingkang remen kaliyan Salman, wonten manah bungah sanget, amarga diajak maem sareng-ssareng kaliyan Salman. Siti lajeng purun.
Ngentosi mangke ndalu Salman, wis deg-degan manahe, kanthi kaya kendang sing lagi moni ra mandeg-mandeg, pokoke nganthi ora sabar maneh acara kui. Wengi wis teka, kui pratanda menawi acara kang diantu-antu sedela maneh arep teka. Kang Salman terus langsung dandan rapi lan wangi sanget, supados saged narik kawigatosane Siti. Sawise kabeh wis siap, Salman langsung nang umahe Siti. Wektu Kang Salman ngetoke motore, Kang Burhan lagi nang ngarep umah, “jenengan arep nang ndi Kang Salman, kok rapi tenan, kaya arep kondangan?”, pitakone Kang Burhan karo nyanding wadonane. Kang Salman langsung mangsuli “ki arep dolan karo Siti Kang”. Kang Burhan langsung mangsuli ugi “ohalah arep dolan karo Siti to, mending melu aku wae nang umahku, aku arep pesta gede-gedean maneh ki Kang, akeh wadone, ombene lah pokoke komplit Kang, tinimbang karo Siti, hahahahaha”. Kang Salman namung meneng wae lan gedeg-gedeg. Nang jero manah Salman berdoa “y Allah, paring pikiran padang Kang Burhan iki”.
Sawise wis siap, Kang Salman langsung mangkat. Tin-tin…..suara tlakson motore Kang Salman. Iku pratandha menawi Kang Salman wis dugi umahe Siti. Siti Kang wis kaprungu suara tlakson kui, langsung cepet-cepet metu saka umah. “eh Kang Salman sampun dugi”. Pituture Siti karo mesem. Kang Salman langsung mangsuli pitakone Siti “iyo ti, wah sampean genes tenan e ti, ayo numpak ti”. Siti namung mesem lan bungah sanget, krungu suara saka Kang Salman sing mangkono mau.  Siti lan Salman langsung mangkat nang angkrinagn sing wis disepakati. Neng nang papan sanese, Kang Burhan lagi pesta gede-gedean kaliyan kanca-kanca nang umahe. Ana sing lagi karo wadonane, ngombe, judi, mangan obat terlarang lan liya-liyane.
Kang Salman kaliyan Siti lajeng maem sareng-sareng nang angkringan kuwi, Salman lan Siti carios bab pakaryan, cita-cita lan sanes-sanes. Saderenge arep wangsul, Salman radi deg-degan, amargi badhe matur, menawi deweke tresna kaliyan Siti. “ sit,,,,,sampean purun kalih kula”, pitakone  Salman mawi deg-degan lan gugup. Siti lajeng mangsuli, “mas Salman ki ngomong opo to, kok aku ra donk Kang”. Salman langsung jelaske sing sabenere “kaya ngene lho ti, sakjane aku ki, tresna kaliyan sliramu,,,,,,,,,, menapa Siti purun kalih kula”. Siti sawise krungu mangkono, langsung atine bungah lan seneng, lajeng Siti langsung mangsuli “ inggih mas, kula yo ugi tresna kaliyan Kang Salman, kula purun mas”. Salman lajeng ugi bungah krungu wangsulane Siti Kang gawe bungah atine Salman.
Nang umahe Kang Burhan Kang lagi pesta, salah sijii kanca sing lagi mabok lan rokok ora sengaja buang putung rokok nang kasur, saengga putung kui gawe geni nang kasur lan ngobong umahe kang Burhan. Dados Kang Burhan lan wong-wong sing ana ing jero umahe Kang Burhan do kejebak, alias ra iso metu saka umahe kang Burhan. Kang Burhan namung ngorong-ngorong jaluk tulung, ananging boten wonten warga ingkang krungu. Dados Burhan lan kanca-kanca ingkang wonten ing daleme umahe Kang Burhan do mati kabeh, ora ana sing urip. Kang Salman lan Siti sing wis rampung mam bareng lan wis seneng-seneng kuwi langsung balik nang umah, sawise tekan umah, Kang Salman lan Siti kaget, amargi umahe Kang Burhan wis kebakar kabeh, kanti ora ana sing wutuh, “Kang, umahe Kang Burhan kebakar”, Kang Salman lajeng mangsuli, “he’eh ti, umahe kebakar, kok ora ana wong sing menangi yo, mesake tenan Kang Burhan, mau wis ngajak aku supaya melu pestane, malah akhire kaya ngene Kang, durung tobat, malah ajalmu kaya ngene Kang. Muga-muga dosane Kang Burhan diampuni dening Allah”. Kang Salman lan Siti lajeng nyuwun tulung kaliyan warga supados mademke geni sing ngobar umahe Kang Salman.
Pinten sasi selajenge, Kang Salman lan Siti bojo alias ndhaup kaluwarga. Kang Salman sanget tresna lan asih marang Siti, saengga gesange kaluwargane, begja mulya, lan dados kaluargi ingkang sakinah mawadah lan warohmah. Siti lan Kang Salman uripe makmur, mulya lan bahagia nganti dikaruniayi putra lan putri ingkang soleh lan solehah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...