BAB I
PURWAKA
Dhasaring
Panaliten
Wonten ing nagara
Indonesia kathah sanget petilasan utawi watu-watu megalitikum ingkang
katkah dipun temuaken ing daerah-daerah wonten ing indonesia.
Tuladhanipun wonten ing kabupaten Purbalingga. Wonten ing kabupaten
menika kathah sanget peninggalan watu megalitikum ingkang kathah
wujudipun inggih menika kadosta pocong, panjang, bunder lan
sakpanunggalanipun. Watu megalitikum menika wonten ingkang dipun
simpen wonten musium lan wonten ugi ing makam para wali ingkang
wonten ing kabuipaten Purbalingga. Ananging ingkang badhe dipun
rembag inggih menika ingkang asring kita mangertosi inggih menika
watu lingga saha yoni ingkang sampun kawentar wonten ing tanah jawi.
Watu lingga yoni
menika lambangaken jenis kelamin tiyang gesang. Inggih menika menawi
watu lingga menika lambangaken jenis kelamin tiyang jaler, menawi
watu yoni menika lambangaken jenis kelamin tiyang putri. Kalih watu
menika wonten ing daerah kabupaten Purbalingga. Kathah sanget mitos
ingkang dipun gadhahi dening watu lingga saha yoni ingkang wonten
boten kita mangertosi, ananging mitos menika kathah tiyang ingkang
percaya mitos menika. Saben watu lingga lan yoni menika gadhahi mitos
piyambakk-piyambak.
Sanesipun mitos
menika watu lingga lan yoni menika waonten ugi ritual ingkang dipun
lampahi dening masyarakat kangge lesatantunaken watu menika lan
hormati leluhuripun. Saben ritual menika betahaken kathah sanget
piranti lan umbarampe ingkang prelu dipun samaptakaken. Ancasipun
ritual menika supados peninggalan tiyang leluhur menika langkung
lestantun. Ritual watu lingga lan yoni menika biasanipun
dipunwontenaken saben ndalu jumat kliwon, utawi selasa kliwon. Amargi
dipun percaya menawi dinten-dinten menika langkung prayogi.
Undheraning
Perkawis
Saking Dhassaring
panaliten menika saged dipuntemukaken kaliyan pinten-pinten
underaning perkawis. Pinten-pinten underaning perkawis menika yaiku:
Pangertosan
Menapa ingkang dipun sebat watu lingga lan yoni.
Mitos-mitos
ingkang wonten ing watu lingga lan yoni menika.
Ritual
menapa mawon ingkang dipun lampahi dening masyarakat wonten ing
kabupaten Purbalingga.
Watesaning
Perkawis
Andhedasar
underaning perkawis wonten proposal skripsi menika gadhahi watesan
perkawis. Watesan perkawis menika supados panaliten menika langkung
fokus marang panaliten menika ingkang dipun rembag. Watesan perkawis
menika antawisipun:
Pangertosan
menapa ingkang dipun sebat watu lingga lan yoni.
Mitos
ingkang dipun gadhahi wonten ing watu lingga lan yoni.
Ritual
ingkang dipun lampahi dening masyarakt kangge watu lingga lan yoni.
Wosing
Perkawis
Saking watesaning
perkawis menika saged dipun pendhet, menapa ingkang badhe dipun
rembag utawi menapa mawon ingkang badhe dipun teliti dening
panaliten. Wosing perkawis menika antawisipun:
Menapa
ingkang dipun sebat watu lingga lan watu yoni?
Menapa
mawon mitos-mitos ingkang dipun gadhahi utawi dipun percaya dening
masyarakat sakiwo tengenipun?
Kados
pundi ritual ingkang dipun wontenaken dening masyarakat ing sakiwo
tengenipun watu lingga yoni ingkang wonten ing Purbalingga?
Ancasipun
Perkawis
Saking adhedasar
wosing perkawis wonten ing nginggil menika, saged kita pendhet
ancasipun panaliten, inggih menika:
Kangge
mangertosi menapa ingkang dipun wastani watu lingga lan yoni.
Kangge
nambah ngelmu lan informasi babagan watu lingga yoni wonten ing
Kabupaten Purbalingga.
Kangge
mangertosi mitos-mitos ingkang dipun gadhahi wonten watu lingga lan
yoni wonten ing daerah Purbalingga.
Kangge
mangertosi ritual-ritual ingkang dipun wontenaken dening masyarakt
Purbalingga kangge lestantunaken warisan budaya menika.
Paedahing
Panaliten
Saking adhedasar
wosing perkawis wonten menika, Paedah ingkang saged dipun pendhet
saking panaliten menika antawisipun:
Paedah
Teoritis
Asil saking
panaliten menika saged kangge mahyakaken piwulang saha nambah
referensi wonten ing kabudayaan khususipun babagan
peninggalan-paninggalan para leluhur kadosta warni-warni watu
megalitikum.
Paedah
Praktis
Asil saking
panaliten menika saged maringi piwulangan utawi ajaran dateng tiyang
ingkang maos bab budaya, khususipun ngengingi bab ritual saha mitos
watu lingga yoni ingkang wonten ing purbalingga kangge tiyang gesang.
Pangertosan
Watu
lingga : lambang saking tiyang jaler.
Watu
Yoni : lambang saking tiyang estri.
BAB
II
GEGARAN
TEORI
Kapustakan
(landasan teori)
Megaklitikum inggih
menika saking tembung mega kaliyan lithos. Mega menika ageng, menawi
litos menika watu, dados saged dipun simpulaken menawi megalitikum
inggih menika watu ingkang ageng. Amargi zaman menika manungsa sampun
saged damel saha ningkataken kabudayan ingkang dipun damel saking
watu-watu ageng. Saking menika manungsa sampun mangertos babagan
kapitayanipun. Bilih kapitayanipun menika tesih caket dhateng nenek
moyang, ananging kapitayanipun menika tuwuh saking penggalih
manungsa.
Watu lingga lan Yoni
menika salah satunggaling jinising megalitikum ingkang sakmenika
tesih dipun nguri-uri saha dipun lestantunaken dening masyarakat.
Watu lingga inggih menika lambang saking piranti reproduksi tiyang
kakung, menawi yoni inggih menika lambang saking piranti reproduksi
tiyang estri.
Lingga berasal dari
bahasa
Sansekerta yang berarti tanda, ciri, isyarat, sifat khas, bukti,
keterangan, petunjuk, lambang kemaluan laki-laki terutama lingga Siwa
dalam bentuk tiang batu, Patung Dewa, titik tuju pemujaan, titik
pusat, pusat, poros, sumbu (Zoetmulder, 2000 601).
Watu
lingga saha yoni ingkang wonten ing Purbalingga menika salah
satunggaling paninggalan ingkang sakmenika tesih dipun nguri-uri saha
dipun lestantunaken dening masyarakat sakiwo tengenipun. Boten namung
menika mawon watu lingga saha yoni menika dados satunggaling
kapitayanipun para warga masyarakat wonten ing Purbalingga kadosta
ritual ingkang dipun wontenaken dening masyarakat saben ndalu jumat
kliwon, saha ndalu selasa kliwon kangge wekdal ingkang sae utawi
prayogi.
Ritual
watu lingga saha yoni menika kathah sanget ingkang dipun betahaken,
boten beda kaliyan ritual ingkang dipun wontenaken tiyang kanggge
ritual-ritual sanesipun. Tuladhanipun wonten toya kopi, ayam, menyan,
nasi, sayur lan sakpanunggalanipun. Ritual menika sampun dados
rutinitas ingkang kedah dipun wontenaken ingkang ngemu ancasipun
kangge lestantunaken saha nguri-uri paninggalipun para nenek moyang
utawi leluhur.
Watu
lingga saha yoni ingkang wonten ing Purbalingga menika ugi gadhahi
mitos ingkang sakmenika dipun kapitayanipun dening masyarakat sakiwo
tengenipun. Tuladhanipun salah satunggaling inggih menika “sinten
ingkang saged ngnagkat watu lingga kanthi nginggil saha kaliyan
lenggah sila, tiyang menika dipun kapitayanipun gesangipun saged
pikantuk rezeki ingkang kathah, rahayu, jodoh, kawasisan, saha
sanes-sanesipun. Kathah sanget mitos ingkang dipun gadhahi watu
lingga menika ingkang dereng dipun temukaken.
Sanesipun
watu lingga, watu yoni ugi mekaten, watu yoni ingkang pasangipun watu
lingga menika ugi gadhahi mitos. Tuladhanipun “ sinten ingkang
muteri watu yoni menika kaping pitu khanti nuthuk watu yoni menika
dipun kapitayanipun gesangipun saged lempeng, pikantuk berkah,
rahayu, rezeki, jodoh, lan sakpanunggalanipun.
Saking
kalih pirembagan menika yaiku ritual saha mitos paninggalan watu
lingga saha yoni saged dipun pendhet piwulang kangge kita sedaya,
inggih menika gesang menika kedah syukur saha nyembah Mring
Ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Sanesipun menika saking menika
ugi saged dipun pendhet piwulang inggih menika menapa mawon ingkang
kalebet warisan utawi peninggalan nenek moyang menika kedah dipun
nguri-uri saha dipun lestantunaken. Supados tiyang menika gesangipun
ayom, ayem tentrem, sejahtera saha mulya.
Panaliten
Ingkang Jumbuh
Panaliten menika
dereng kepanggih kaliyan panaliten ingkang gayut kaliyan ingkng badhe
dipun teliti. Saengga dereng wonten panaliten ingkang neliti bab
ritual saha mitos watu lingga yoni. Amargi dereng wonten ingkang
manggihaken panaliten ingkang gayut kalihan ritual saha mitos watu
lingga yoni, dados panaliten menika badhe niliti ritual saha mitos
watu lingga yoni kanthi sae, obyektif lan pangajab panaliten inggih
menika, mugi panaliten menika saged katampi lan saged migunani kangge
masyarakat, khususipun masyarakat Purbalingga.
Nalaring
Pikir (metode penelitian)
Watu lingga lan yoni
menika salah satunggaling petilasan ingkang awujud watu megalitikum
ingkang kathah ngemut sejarahipun. Watu lingga menika kathah ingkang
nyebetaken lambang saking tiyang kakung, menawi watu yoni menika ugi
lambang saking tiyang estri. Watu lingga yoni menika boten namung
sejarahipun ingkang badhe dipun teliti, ananging ugi mitos saha
ritual ingkang dados kajian panaliten. Dados kangge panaliten ritual
saha mitos watu lingga yoni menika ginakaken metode deskripsi saha
metode kasus utawi lapangan.
BAB
III
CARA
PANALITEN
Jinising
Panaliten
Jinising panliten
ingkang dipun ginakaken kangge ritual saha mitos watu lingga lan yoni
wonten ing Purbalingga inggih menika panaliten deskriptif, amargi
Panaliten diskriptif menika panaliten ingkang gadhahi ancasipun
kangge diskripsikaken obyek panaliten supados mangertosi obyek
panaliten menika. Ingkang kangge obyek panaliten inggih menika Watu
lingga lan Yoni wonten ing kabupaten Purbalingga. Metode ingkang
kaping kalih ingkang dipun ginakaken panaliten inggih menika metode
panaliten kasus utawi lapangan, amargi, obyek ingkang dipun teliti
menika wonten ing lingkunganipun masyarakat. Saha metode panaliten
kasus menika gadhah ancasipun kangge rembag piwulangan kanthi
intensif saking kahanan dasaripun panaliten sakmenika saha interaksi
lingkungan kaliyan obyek panaliten menika.
Fokus
Panaliten
Ingkang dados fokus
panaliten inggih menika mitos saha ritual watu lingga saha yoni
wonten ing Purbalingga. Amargi wonten ing watu lingga saha yoni ing
Purbalingga menika ngemut mitos saha ritual ingkang dados fokus
panaliten, sahengga panaliten menika boten klenta-klentu anggenipun
neliti.
Sumber
Data Panaliten.
Sunber data kangge
panaliten inggih menika saking informasi masyarakat ingkang wonten
sakiwo tengenipun papan watu lingga yoni ingkang wonten ing kabupaten
Purbalingga menika. Sanesipun menika ingkang dados sumber informasi
inggih menika saking juru kunci watu lingga yoni lan para tiyang
ingkang rawuh wonten ing papan panggenan watu lingga yoni menika.
Sanesipun narasumber menika, ugi ginakaken buku ingkang dados
dasaring panaliten ingkang jumbuh kalihan obyek panaliten menika.
Teknik
Pangempalan Data
Teknik wonten ing
pangempalan data menika nyerat wawancara saking narasumber ingkang
sampun mangertosi babagan kahanan wonten ing sadayanipun watu lingga
saha yoni ing Purbalingga. Boten namung satunggal narasumber ananging
pinten-pinten narasumber kangge mantepaken panaliten menika. Teknik
ingkang dipunlampahi ugi ginakaken piranti biyantu, kadosta piranti
vidio, foto, perekam lan sanes-sanesipun, saengga wonten data ingkang
valid ingkang dados dokumentasi panaliten. Cara ingkang pungkasan
inggih menika kanthi nderek ritual watu lingga yoni saking wiwit
nagntos pungkasan, saengga saged mangertos menapa mawon data ingkang
penting kangge panaliten menika.
Analisis
Panaliten
Data ingkang sampun
dipunkempalaken, lajeng dipun analisis miturut cengkoronganing
panaliten lan watesaning perkawis menika. Sahengga panaliten menika
saged ginakaken metode panaliten ingkang trep, inggih menika
ginakaken metode deskriptif saha metode kasus utawi lapangan. Boten
namung dipundiskripsikaken mawon ananging ugi dipun analisis menapa
mawon ingkang dados undharaning perkawis. Proses analisis data menika
dipunlampahi teras, wonten ing lapangan utawi saksampunipun ing
lapangan. Analisis dipunlampahi kanthi ngurutaken, ngempalaken,
nyaosi kode, lan kategorikaken data.
F. Cara Kaabsahan
Data
Kaabsahan data
wonten ing panaliten menika ginakaken cara validitas lan
reliabilitas. Cara validitas ingkang dipunginakaken
wonten ing panaliten inggih menika cara tringulasi. Cara
tringulasi inggih menika cara ningali kaabsahan data ingkang
manfaataken data sanesipun ingkang wonten ing jawi kangge
dipuntrepaken kalihan data menika (Moloang, 2002:178). Tringulasi
wonten ing panaliten menika tringulasi teori. tringulasi
inggih menika pangginaan pinten-pinten teori ingkang sanes kangge
mastikaken menawi data ingkang dipunkempalaken sampun mlebet syarat
inggih menika data ingkang gayut kalian ritual saha mitos watu lingga
yoni. Data-data asil panaliten ingkang awujud ritual saha mitos
lingga yoni, kaabsahan badhe dipunuji kalian pinten-pinten teori
ingkang jumbuh. Teori-teori ingkang jumbuh inggih menika terori
ingkang gayutipun kalihan ritual saha mitos watu lingga yoni.
Reliabilitas
menika cara ingkang dipunginakaken kangge nguji data kanthi permati
ingkang wonten ing subyek panaliten. Data ingkang dipun sebat
reliabel inggih menika data ingkang nunjukaken kasaimbangan asil
saking pangamatan kanthi dipunambali langkung saking satunggal. Dados
reliabilitas ingkang dipun ginakaken wonten ing panaliten
menika reliabilitas intraratur lan interatur. Cara
reliabilitas intraratur inggih menika cara ingkang
dipunlampahi kanthi cara pangamatan teras-saterasipun, saengga
pikantuk data ingkang valid. Cara reliabilitas interater
menika cara ingkang dipunlampahi kanthi cara panaliten lampahaken
konsultasi bab asil panaliten kalian tiyang ingkang sampun wasis ing
bidangipun panaliten menika. Tiyang ingkang dados konsultasi inggih
menika dosen pembimbing panaliten.
DAFTAR
PUSTAKA
Endraswara, Suwardi.
2006. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta: Gadjah Mada
University Press
Tim Tugas Akhir
Skripsi Jurusan. 2012. Panduan Penulisan Tugas Akhir Skripsi
(TAS). Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan Seni
Tim Tugas Akhir
Skripsi Jurusan. 2011. Panduan Tugas Akhir TAS/TABS.
Yogyakarta: Fakultas Bahasa lan Seni
Sarjana H. A./Kuswa
Endah. 2008. Pranata
Sosial dalam Masyarakat Jawa.
Yogyakarta: C.V. Grafika Indah.
Hadiatmaja, Sarjana.
2011. Etika
Jawa.
Yogyakarta: CV. Grafika Indah.