Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

hard news

Nama               : Nur Fadilah
NIM                : 11205244023
Mata Kuliah    : Jurnalistik
HARD NEWS/ STRAIGH NEWS
Acara Ladies Time menika kangge Wadah Inspirasi Para Tiyang Sstri ingkang Kritis

            Dinten jumat , 20 september 2013, wonten adiacara ladies time ing RSU  rektorat. Ladies time menika salah satunggaling program kerja saking BEKM KM UNY, inggih menika saking departemen  kasrat saha dagri. Kalih departemen menika makarya sareng-sareng ngawontenaken acara menika. Ladies time ingkang dipun wontenaken dening kalih departemen menika saged kalampahan kanthi lancar boten wonten alangan satunggaling menapa. Acara ladies time menika dipun apresiasi sanget dening WR 3 inggih menika Prof Dr. Sumaryanto, M. Pd. Amargi acara menika namung wonten ing UNY, saha acara menika saged dados pawiyatan mahasiswi wonten ing UNY ingkang saged mbangun mahasiswi ingkang kritis, tanggap warsa, saha wasis.
Acara ladies time menika dhatengaken pambiwara ingkang sampun kawentar inggih menika Ibu Masnah Sari, M.H minangka ketua komisi perlindungan anak Indonesia, 2007-2010, saha wakil ketua bidang perempuan ICMI 2013 saha Ibu khusnul Mar’iah, Ph. D minangka pengamat politik Universitas Indonesia saha ketua KPU pusat 2012. Kalih pambiwara menika ngandaraken babagan tiyang estri, inggih menika menawi tiyang estri menika dados pemimpin ingkang jujur, akuntable, saha amanah. Amargi ancasipun acara menika trap kaliyan acara ladies time inggih menika supados mahasiswi estri menika dados mahasiswi ingkang dados pemimpin, wanita ingkang hebat, saha wanita ingkang saged wasis wasisaken.
Acara ladies time ingkang dipun rameaken dening mahasiswi UNY menika, khususipun mahasiswi estri sanget apresiasi sanget, amargi kathah mahasiswi ingkang nderek adicara menika, ingkang targetipun peserta namung kaliatus, ananging sampun kalampahan acara menika pesertanipun mbludag kathah sanget ingkang derek, ngantos kursi ingkang wonten ing RSU Rektorat menika dipun kangge sedaya. Boten namung mahasiswi UNY kemawon, mahasiswi saking Universitas sanesipun ugi rawuh wonten ing acara menika, tuladhanipun  saking universitas mercu buana, unes, ugm, uin lan sanes-sanesipun. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...