Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

Artikel Wisata

Nama              : Nur Fadilah
NIM                : 11205244023
Kelas               : G
Mata Kuliah   : Jurnalistik

Kaendahan Kota Purbalingga
           
            Kuta Purbalingga inggih menika salah satunggaling kuta ingkang wonten ing jawa tengah. Kabupaten purbalingga menika wonten wates daerahipun, inggih menika kaliyan kabupaten pemalang ing sisih ler, wonten ing sisih wetan lan kidul, menika kabupaten banjarnegra, sarta watesan ing sisih kilen lan kidul  kabupaten banyumas. Kuta ingkang boten ageng lan alit menika tepatipun wonten ing daerah pagunungan, inggih menika wonten ing ngandapipun gunung slamet. Ingkang pundi wonten mriku, wonten 18 kecamatan saha 239 kelurahan. Kuta purbalingga salah satunggaling kuta ingkang basanipun ngapak. Penduduk wonten ing kuto purbalingga inggih menika  kinten-kinten 850.000 jiwa. Ingkang makaryanaipun werni-werni inggih menika wonten ingkang dados pegawai negri, pangusaha, petani, pedagang, perauntoan, saha sanes-sanesipun.
Purbalingga sakmenika sampun dados kuta ingkang kawentar, inggih menika ing pariwasatanipun. Inggih menika wonten owabong, gua lawa, wisata agro kebun strowbery, purbasari pancuran mas, monumen jendral sudirman, pendakian gunung salamet, musium uang, reptil, wayang, bumi perkemahan, kolam pemandian walik, curug lan sanes-sanesipun. Sedaya pariwisata ing kuto purbalingga menika sanget endah, boten namung endah, pariwisata menika ugi ngemut edukatif, tuladhanipun musium uang, wayang, saha musium jendral soedirman. Menawi badhe dateng ing wisata purbalingga menika boten awrat sanget. Amargi papanipun sampun strategis, saha saged dipun lewati kendaraan. Boten namung mekaten, menawi badhe mlebet wonten ing pariwisata wonten ing purbalingga menika boten awis-awis sanget.
gambar owabong
Salah satunggaling pariwisata ingkang kawentar ing purbalingga inggih menika owabong. Owabong inggih menika obyek wisata ingkang endah ingkang wonten ing kecamatan bojong sari purbalingga. Owabong menika saking toya tuk asli ingkang ageng, dados dipun damel kadosta kolam kangge renang, saha damel kangge reksreasi.
                   

Wonten ing owabong menika para pengunjung dipun cawisaken pinten-pinten dolanan ingkang saged remenaken pengunjung. Wonten arum jeram, ombak alami, waterboom, kolam kangge renang para balita, remaja, tiyang sepuh lan sanes-sanesipun. Boten namung kathah dolananipun, obyek wisata owabong menika sanget endah sanget, lan sae kangge lenggahan para tiyang nem. Boten namung mekaten papan obyek owabong menika sae kangge kempal utawi rekreasi kaluarga, kanca, rekan kerja, kangge papan meeting saha sanesipun. Pengunjung ingkang kathah menika saking jawi kabupaten purbalingga, kadosta semarang, yogyakarta, tegal, wonosobo, lan sanes-sanesipun, amargi wisata owabong menika boten namung kawentar ing regional mawon, ananging ugi sampun kawentar ing jawi regional.

Gambar Gua Lawa
Wisata ingkang sipatipun alam inggih menika gua. Gua ingkang wonten purbalingga menika beda kaliyan gua sanesipun. Sanesipun asri saha endah, gua menika ugi kathah lawanipun, dados gua menika dipun sebat gua lawa. Gua lawa menika papanipun wonten ing karang reja, purbalingga. Gua lawa menika sanget unik, amargi gua lawa menika kadamel saking lelehan magma gunung slamet, dados wonten ing dalem gua menika wonten stalagtit saha stalagmit ingkang kabentuk endah. Boten namung stalagtid lan stalakmid, wonten dalem gua ugi kathah toya ingkang netes saking ngingggil ingkang ngandut zat kapur.
Kuta purbalingga boten namung kawentar ing pariwisatanipun, kuta purbalingga ugi kawentar ing industrinipun, inggih menika industri ingkang bahan bakunipun rikma, saha industri kenalpot. Kalih industri menika sampun kawentar wonten ing pundi-pundi. Industri rikma ingkang wonten desa karang banjar, kabupaten Purbalingga, sakmenika sampun kathah cabangipun, kadosta PT. Sunchang, PT Boyang, lan sanes-sanesipun. Ingkang kathah makarya wonten ing industri rikma menika kathah-kathahipun estri. Amargi tiyang estri wonten ing Purbalingga menika kathah sanget, boten namung mekaten, tiyang estri ugi ulet, lan tliti menawi makarya wonten ing industri menika. Industri rikma ingkang wonten ing kuta Purbalingga menika damel wig, bulu mata, rambut palsu saha sanggul.
Industri rikma ingkang wonten purbalingga menika pesadeanipun menika sampun ngantos mancanegara, dados boten namung ing tingkat nasional. Tuladhanipun inggih menika, amerika, jepang, saha sanes-sanesipun. Saking industri menika mbiyantu sanget tiyang ingkang wonten ing purbalingga, amargi saged ngirangi angka pengangguran ing daerah menika.

gambar tugu knalpot
Boten namung industri rukmanipun, purbalingga ugi kawentar ing industri kanalpot. Industri knalpot menika wonten ing daerah sirongge. Amargi sampun kawentar wontening pundi-pundi, dening bupati purbalingga, papan ingkang pademalanipun kenalpot, wonten mriku dipun damel patung ingkang awujud tiyang ingkang saweg damel knalpot. Bahan ingkang dipun ginakaken damel knalpot inggih menika kuali saha panci tembaga. Saking mriku katah tiyang ingkang niruaken utawi gladhen damel knalpot. Wonten ing sisih menika gambar tugu knlapot.
Amargi, kasil ingkang dipun tampi menika radi kathah. sahengga saking industri menika saged ngirangi angka pengangguran ingkang inggil wonten ing purbalingga.
Kota purbalingga boten namung kawentar ing pariwisatanipun saha industrinipun. Wonten ing purbalingga wonten tokoh ingkang sampun kawentar ing negari Indonesia, inggih menika Jendral Soedirman. Jendral soedirman inggih menika salah satunggaling tokoh pahlawan perang ingkang sampun kawentar wonten ing pundi-pundi. Inggih menika nalika bela negari indonesia saking penjajahan bangsa sanes, yaiku belanda saha jepang.

Gambar: 3 Patung Jendral Soedirman.
Jendral sordirman menika lahir wonten ing bodas karangjati, purbalingga jawa tengah. Sinten ingkang boten tepang kaliyan panglima ageng jendral soedirman. Wonten ing purbalingga menika griyanipun jendral soedirman dipun damel kangge papan pariwisata sejarah. Dados sejarah ingkang sampun kepungkur boten dipun tilaraken dening para pemuda bangsa indonesia. Boten namung dipun damel musium mawon kangge ngelingaken jendral soedirman. Wonten ing purbalingga ugi dipun damel patung jendral soedirman ingkang gagah saha wicaksana.
Boten namung musium jendral soedirman mawon ingkang wonten ing purbalingga, wonten ugi musium ingkang sejarah, inggih menika musium wayang, musium arta saha sanes-sanesipun.  Wonten ing musium arta menika kathah sanget warni-warni arta, ingkang saking arto satunggal ringgit ngantos arta sakmenika. Dados sinten ingkang dhateng musium arta menika dados mangertosi arta-arta ingkang sampun dados sejarah indonesia. Sanesipun musium arta, musium wayang ugi nyaosi ngilmu ingkang sipatipun edukarif, amargi saben pengunjung khususipun para pelajar saged mangertosi jinising wayang, tuladhanipun waynag kulit, wayang golek, lan sanes-sanesipun.
Sedaya ingkang wonten ing kuta purbalingga menika saking pariwisatanipun, musium, saha wisata alamipun menika sipatipun edukatif kangge para pengunjung ingkang datheng ing papan pariwisata ingkang wonten ing  purbalingga. Dados kota purbalingga menika kathah  sanget papan ingkang migunani kangge para tiyang ingkang badhe hiburan saha dhateng wonten ing kuta Purbalingga. Sahengga kuta purbalingga menika sanget endah, lan dados kabupaten ingkang kawentar ing regional lan jawi regional. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...