Halaman

Kamis, 23 Januari 2014

proposal skripsi watu lingga yoni

BAB I
PURWAKA


  1. Dhasaring Panaliten
Wonten ing nagara Indonesia kathah sanget petilasan utawi watu-watu megalitikum ingkang katkah dipun temuaken ing daerah-daerah wonten ing indonesia. Tuladhanipun wonten ing kabupaten Purbalingga. Wonten ing kabupaten menika kathah sanget peninggalan watu megalitikum ingkang kathah wujudipun inggih menika kadosta pocong, panjang, bunder lan sakpanunggalanipun. Watu megalitikum menika wonten ingkang dipun simpen wonten musium lan wonten ugi ing makam para wali ingkang wonten ing kabuipaten Purbalingga. Ananging ingkang badhe dipun rembag inggih menika ingkang asring kita mangertosi inggih menika watu lingga saha yoni ingkang sampun kawentar wonten ing tanah jawi.
Watu lingga yoni menika lambangaken jenis kelamin tiyang gesang. Inggih menika menawi watu lingga menika lambangaken jenis kelamin tiyang jaler, menawi watu yoni menika lambangaken jenis kelamin tiyang putri. Kalih watu menika wonten ing daerah kabupaten Purbalingga. Kathah sanget mitos ingkang dipun gadhahi dening watu lingga saha yoni ingkang wonten boten kita mangertosi, ananging mitos menika kathah tiyang ingkang percaya mitos menika. Saben watu lingga lan yoni menika gadhahi mitos piyambakk-piyambak.
Sanesipun mitos menika watu lingga lan yoni menika waonten ugi ritual ingkang dipun lampahi dening masyarakat kangge lesatantunaken watu menika lan hormati leluhuripun. Saben ritual menika betahaken kathah sanget piranti lan umbarampe ingkang prelu dipun samaptakaken. Ancasipun ritual menika supados peninggalan tiyang leluhur menika langkung lestantun. Ritual watu lingga lan yoni menika biasanipun dipunwontenaken saben ndalu jumat kliwon, utawi selasa kliwon. Amargi dipun percaya menawi dinten-dinten menika langkung prayogi.

  1. Undheraning Perkawis
Saking Dhassaring panaliten menika saged dipuntemukaken kaliyan pinten-pinten underaning perkawis. Pinten-pinten underaning perkawis menika yaiku:
  1. Pangertosan Menapa ingkang dipun sebat watu lingga lan yoni.
  2. Mitos-mitos ingkang wonten ing watu lingga lan yoni menika.
  3. Ritual menapa mawon ingkang dipun lampahi dening masyarakat wonten ing kabupaten Purbalingga.
  1. Watesaning Perkawis
Andhedasar underaning perkawis wonten proposal skripsi menika gadhahi watesan perkawis. Watesan perkawis menika supados panaliten menika langkung fokus marang panaliten menika ingkang dipun rembag. Watesan perkawis menika antawisipun:
  1. Pangertosan menapa ingkang dipun sebat watu lingga lan yoni.
  2. Mitos ingkang dipun gadhahi wonten ing watu lingga lan yoni.
  3. Ritual ingkang dipun lampahi dening masyarakt kangge watu lingga lan yoni.

  1. Wosing Perkawis
Saking watesaning perkawis menika saged dipun pendhet, menapa ingkang badhe dipun rembag utawi menapa mawon ingkang badhe dipun teliti dening panaliten. Wosing perkawis menika antawisipun:
  1. Menapa ingkang dipun sebat watu lingga lan watu yoni?
  2. Menapa mawon mitos-mitos ingkang dipun gadhahi utawi dipun percaya dening masyarakat sakiwo tengenipun?
  3. Kados pundi ritual ingkang dipun wontenaken dening masyarakat ing sakiwo tengenipun watu lingga yoni ingkang wonten ing Purbalingga?

  1. Ancasipun Perkawis
Saking adhedasar wosing perkawis wonten ing nginggil menika, saged kita pendhet ancasipun panaliten, inggih menika:
  1. Kangge mangertosi menapa ingkang dipun wastani watu lingga lan yoni.
  2. Kangge nambah ngelmu lan informasi babagan watu lingga yoni wonten ing Kabupaten Purbalingga.
  3. Kangge mangertosi mitos-mitos ingkang dipun gadhahi wonten watu lingga lan yoni wonten ing daerah Purbalingga.
  4. Kangge mangertosi ritual-ritual ingkang dipun wontenaken dening masyarakt Purbalingga kangge lestantunaken warisan budaya menika.

  1. Paedahing Panaliten
Saking adhedasar wosing perkawis wonten menika, Paedah ingkang saged dipun pendhet saking panaliten menika antawisipun:
  1. Paedah Teoritis
Asil saking panaliten menika saged kangge mahyakaken piwulang saha nambah referensi wonten ing kabudayaan khususipun babagan peninggalan-paninggalan para leluhur kadosta warni-warni watu megalitikum.
  1. Paedah Praktis
Asil saking panaliten menika saged maringi piwulangan utawi ajaran dateng tiyang ingkang maos bab budaya, khususipun ngengingi bab ritual saha mitos watu lingga yoni ingkang wonten ing purbalingga kangge tiyang gesang.

  1. Pangertosan
  1. Watu lingga : lambang saking tiyang jaler.
  2. Watu Yoni : lambang saking tiyang estri.
BAB II
GEGARAN TEORI

  1. Kapustakan (landasan teori)
Megaklitikum inggih menika saking tembung mega kaliyan lithos. Mega menika ageng, menawi litos menika watu, dados saged dipun simpulaken menawi megalitikum inggih menika watu ingkang ageng. Amargi zaman menika manungsa sampun saged damel saha ningkataken kabudayan ingkang dipun damel saking watu-watu ageng. Saking menika manungsa sampun mangertos babagan kapitayanipun. Bilih kapitayanipun menika tesih caket dhateng nenek moyang, ananging kapitayanipun menika tuwuh saking penggalih manungsa.
Watu lingga lan Yoni menika salah satunggaling jinising megalitikum ingkang sakmenika tesih dipun nguri-uri saha dipun lestantunaken dening masyarakat. Watu lingga inggih menika lambang saking piranti reproduksi tiyang kakung, menawi yoni inggih menika lambang saking piranti reproduksi tiyang estri.
Lingga berasal dari bahasa Sansekerta yang berarti tanda, ciri, isyarat, sifat khas, bukti, keterangan, petunjuk, lambang kemaluan laki-laki terutama lingga Siwa dalam bentuk tiang batu, Patung Dewa, titik tuju pemujaan, titik pusat, pusat, poros, sumbu (Zoetmulder, 2000 601). 
Watu lingga saha yoni ingkang wonten ing Purbalingga menika salah satunggaling paninggalan ingkang sakmenika tesih dipun nguri-uri saha dipun lestantunaken dening masyarakat sakiwo tengenipun. Boten namung menika mawon watu lingga saha yoni menika dados satunggaling kapitayanipun para warga masyarakat wonten ing Purbalingga kadosta ritual ingkang dipun wontenaken dening masyarakat saben ndalu jumat kliwon, saha ndalu selasa kliwon kangge wekdal ingkang sae utawi prayogi.
Ritual watu lingga saha yoni menika kathah sanget ingkang dipun betahaken, boten beda kaliyan ritual ingkang dipun wontenaken tiyang kanggge ritual-ritual sanesipun. Tuladhanipun wonten toya kopi, ayam, menyan, nasi, sayur lan sakpanunggalanipun. Ritual menika sampun dados rutinitas ingkang kedah dipun wontenaken ingkang ngemu ancasipun kangge lestantunaken saha nguri-uri paninggalipun para nenek moyang utawi leluhur.
Watu lingga saha yoni ingkang wonten ing Purbalingga menika ugi gadhahi mitos ingkang sakmenika dipun kapitayanipun dening masyarakat sakiwo tengenipun. Tuladhanipun salah satunggaling inggih menika “sinten ingkang saged ngnagkat watu lingga kanthi nginggil saha kaliyan lenggah sila, tiyang menika dipun kapitayanipun gesangipun saged pikantuk rezeki ingkang kathah, rahayu, jodoh, kawasisan, saha sanes-sanesipun. Kathah sanget mitos ingkang dipun gadhahi watu lingga menika ingkang dereng dipun temukaken.
Sanesipun watu lingga, watu yoni ugi mekaten, watu yoni ingkang pasangipun watu lingga menika ugi gadhahi mitos. Tuladhanipun “ sinten ingkang muteri watu yoni menika kaping pitu khanti nuthuk watu yoni menika dipun kapitayanipun gesangipun saged lempeng, pikantuk berkah, rahayu, rezeki, jodoh, lan sakpanunggalanipun.
Saking kalih pirembagan menika yaiku ritual saha mitos paninggalan watu lingga saha yoni saged dipun pendhet piwulang kangge kita sedaya, inggih menika gesang menika kedah syukur saha nyembah Mring Ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Sanesipun menika saking menika ugi saged dipun pendhet piwulang inggih menika menapa mawon ingkang kalebet warisan utawi peninggalan nenek moyang menika kedah dipun nguri-uri saha dipun lestantunaken. Supados tiyang menika gesangipun ayom, ayem tentrem, sejahtera saha mulya.
  1. Panaliten Ingkang Jumbuh
Panaliten menika dereng kepanggih kaliyan panaliten ingkang gayut kaliyan ingkng badhe dipun teliti. Saengga dereng wonten panaliten ingkang neliti bab ritual saha mitos watu lingga yoni. Amargi dereng wonten ingkang manggihaken panaliten ingkang gayut kalihan ritual saha mitos watu lingga yoni, dados panaliten menika badhe niliti ritual saha mitos watu lingga yoni kanthi sae, obyektif lan pangajab panaliten inggih menika, mugi panaliten menika saged katampi lan saged migunani kangge masyarakat, khususipun masyarakat Purbalingga.

  1. Nalaring Pikir (metode penelitian)
Watu lingga lan yoni menika salah satunggaling petilasan ingkang awujud watu megalitikum ingkang kathah ngemut sejarahipun. Watu lingga menika kathah ingkang nyebetaken lambang saking tiyang kakung, menawi watu yoni menika ugi lambang saking tiyang estri. Watu lingga yoni menika boten namung sejarahipun ingkang badhe dipun teliti, ananging ugi mitos saha ritual ingkang dados kajian panaliten. Dados kangge panaliten ritual saha mitos watu lingga yoni menika ginakaken metode deskripsi saha metode kasus utawi lapangan.










BAB III
CARA PANALITEN

  1. Jinising Panaliten
Jinising panliten ingkang dipun ginakaken kangge ritual saha mitos watu lingga lan yoni wonten ing Purbalingga inggih menika panaliten deskriptif, amargi Panaliten diskriptif menika panaliten ingkang gadhahi ancasipun kangge diskripsikaken obyek panaliten supados mangertosi obyek panaliten menika. Ingkang kangge obyek panaliten inggih menika Watu lingga lan Yoni wonten ing kabupaten Purbalingga. Metode ingkang kaping kalih ingkang dipun ginakaken panaliten inggih menika metode panaliten kasus utawi lapangan, amargi, obyek ingkang dipun teliti menika wonten ing lingkunganipun masyarakat. Saha metode panaliten kasus menika gadhah ancasipun kangge rembag piwulangan kanthi intensif saking kahanan dasaripun panaliten sakmenika saha interaksi lingkungan kaliyan obyek panaliten menika.

  1. Fokus Panaliten
Ingkang dados fokus panaliten inggih menika mitos saha ritual watu lingga saha yoni wonten ing Purbalingga. Amargi wonten ing watu lingga saha yoni ing Purbalingga menika ngemut mitos saha ritual ingkang dados fokus panaliten, sahengga panaliten menika boten klenta-klentu anggenipun neliti.
  1. Sumber Data Panaliten.
Sunber data kangge panaliten inggih menika saking informasi masyarakat ingkang wonten sakiwo tengenipun papan watu lingga yoni ingkang wonten ing kabupaten Purbalingga menika. Sanesipun menika ingkang dados sumber informasi inggih menika saking juru kunci watu lingga yoni lan para tiyang ingkang rawuh wonten ing papan panggenan watu lingga yoni menika. Sanesipun narasumber menika, ugi ginakaken buku ingkang dados dasaring panaliten ingkang jumbuh kalihan obyek panaliten menika.
  1. Teknik Pangempalan Data
Teknik wonten ing pangempalan data menika nyerat wawancara saking narasumber ingkang sampun mangertosi babagan kahanan wonten ing sadayanipun watu lingga saha yoni ing Purbalingga. Boten namung satunggal narasumber ananging pinten-pinten narasumber kangge mantepaken panaliten menika. Teknik ingkang dipunlampahi ugi ginakaken piranti biyantu, kadosta piranti vidio, foto, perekam lan sanes-sanesipun, saengga wonten data ingkang valid ingkang dados dokumentasi panaliten. Cara ingkang pungkasan inggih menika kanthi nderek ritual watu lingga yoni saking wiwit nagntos pungkasan, saengga saged mangertos menapa mawon data ingkang penting kangge panaliten menika.

  1. Analisis Panaliten
Data ingkang sampun dipunkempalaken, lajeng dipun analisis miturut cengkoronganing panaliten lan watesaning perkawis menika. Sahengga panaliten menika saged ginakaken metode panaliten ingkang trep, inggih menika ginakaken metode deskriptif saha metode kasus utawi lapangan. Boten namung dipundiskripsikaken mawon ananging ugi dipun analisis menapa mawon ingkang dados undharaning perkawis. Proses analisis data menika dipunlampahi teras, wonten ing lapangan utawi saksampunipun ing lapangan. Analisis dipunlampahi kanthi ngurutaken, ngempalaken, nyaosi kode, lan kategorikaken data.
F. Cara Kaabsahan Data
Kaabsahan data wonten ing panaliten menika ginakaken cara validitas lan reliabilitas. Cara validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika cara tringulasi. Cara tringulasi inggih menika cara ningali kaabsahan data ingkang manfaataken data sanesipun ingkang wonten ing jawi kangge dipuntrepaken kalihan data menika (Moloang, 2002:178). Tringulasi wonten ing panaliten menika tringulasi teori. tringulasi inggih menika pangginaan pinten-pinten teori ingkang sanes kangge mastikaken menawi data ingkang dipunkempalaken sampun mlebet syarat inggih menika data ingkang gayut kalian ritual saha mitos watu lingga yoni. Data-data asil panaliten ingkang awujud ritual saha mitos lingga yoni, kaabsahan badhe dipunuji kalian pinten-pinten teori ingkang jumbuh. Teori-teori ingkang jumbuh inggih menika terori ingkang gayutipun kalihan ritual saha mitos watu lingga yoni.
Reliabilitas menika cara ingkang dipunginakaken kangge nguji data kanthi permati ingkang wonten ing subyek panaliten. Data ingkang dipun sebat reliabel inggih menika data ingkang nunjukaken kasaimbangan asil saking pangamatan kanthi dipunambali langkung saking satunggal. Dados reliabilitas ingkang dipun ginakaken wonten ing panaliten menika reliabilitas intraratur lan interatur. Cara reliabilitas intraratur inggih menika cara ingkang dipunlampahi kanthi cara pangamatan teras-saterasipun, saengga pikantuk data ingkang valid. Cara reliabilitas interater menika cara ingkang dipunlampahi kanthi cara panaliten lampahaken konsultasi bab asil panaliten kalian tiyang ingkang sampun wasis ing bidangipun panaliten menika. Tiyang ingkang dados konsultasi inggih menika dosen pembimbing panaliten.











DAFTAR PUSTAKA


Endraswara, Suwardi. 2006. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
Tim Tugas Akhir Skripsi Jurusan. 2012. Panduan Penulisan Tugas Akhir Skripsi (TAS). Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan Seni
Tim Tugas Akhir Skripsi Jurusan. 2011. Panduan Tugas Akhir TAS/TABS. Yogyakarta: Fakultas Bahasa lan Seni
Sarjana H. A./Kuswa Endah. 2008. Pranata Sosial dalam Masyarakat Jawa. Yogyakarta: C.V. Grafika Indah.
Hadiatmaja, Sarjana. 2011. Etika Jawa. Yogyakarta: CV. Grafika Indah.















Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...