Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

Auto Biografi

Auto Biografi



Tepangaken, nama kula Nur Fadilah, kanca-kanca biasa nimbali kula fadil utawi aconk. Kula lair tanggal 10 juli 1992, wonten ing desa Karangsari Rt 01/02, kecamatan karangmoncol, kabupaten Purbalingga. Bapak kula asmanipun Khusni Mubarok, lan Ibu kula asmanipun siti M. kula putra ke 3 saking sekawan saudara. Kula saking alit sampun dipundawuhi supados dados putra ingkang rajin lan sregep ngibadah marang Gusti ingkang Maha Kuwaos. Saengga saking alit kula dipunsekolahaken wonten ing sekolahan ingkang kathah agamanipun. Kula sekolah dasar menika wonten ing MI Karangsari, saksampunipun kula lulus saking MI menika, kula lajengaken wonten ing MTs N Karanganyar, kula rampung kanthi lulus ingkang banggakaken tiyang sepuh kula. saengga kula dipuntumbasaken sepatu engggal. Saksampunipun lulus saking menika, sejatosipun kula pengen lajengaken wonten sekolahan ingkang favorit, ananging tiyang sepuh menika boten sarujuk, amargi biyayanipun langkung kathah, saengga kula mlebet sekolahahn swasta, inggih menika SMA MAarif Karangmoncol.sanajan sekolahan kula swasta, ananging kula kedah ngangsu kawruh supados mangke menawi kula sampun ageng kula saged damel remen tiyang sepuh kula ingkang sampun biyaya kula sekolah. Saengga saksampunipun kula lulus SMA kula badhe lajengaken wonten ing perguruan tinggi. Alhamdulillah sakmenika kula sampun kuliah wonten ing perguruan tinggi ingkang wonten ing Yogyakarta, inggih menika UNY. Kula mendhe jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. Wonten ing UNY, Alhamdulillah kula kathah nderek organiosasi, inggih menika saking organisasi mahasiswa Al-huda, Hima Jawa, ngantos BEM KM UNY.

Kula gadhah cita-cita ingkang sampun kula rancang wonten gesang kula, inggih menika kula pengen dados tiyang ingkang migunani kangge sedaya tiyang ingkang wonten ing sakiwa tengenipun kula. Sanesipun menika kula ugi pengen dados tiyang ingkang sukses lan saged damel begja tiyang sepuh kula. Kula ugi gadhah hobi ingkang kula remenaken inggih menika maos buku lan nonton film. Sanesipun hobi kula ugi gadhah motto ingkamng kedah kula cepeng, inggih menika “belajarlah dari kesalahan”, motto menika ingkang kula cepeng menawi badhe nindakaken menapa-menapa. Kula ugi gadhah contact person ingkang badhe ngubungi kula, menika 085742391599, sanesipun menika kula ugi gadhah alamat email lan blogger, inggih menika emailipun nurf422@yahoo.com. Lan bloggipun jaranannurf422uny.blogspot.com. mugi mugi menapa ingkang kula cita-citakaken saged kalampahan kanthi lancer lan sae. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...