Halaman

Kamis, 23 Januari 2014

Feature

Nama : Nur Fadilah
NIM : 11205244023
Kelas : G
Mata Kuliah : Jurnalistik
Feature
Studi Bandhing wonten ing Kuta Bali kanthi Ngandut Tema “Ngupadi Ilmu”

Kuta bali, 6 oktober 2013, jurusan pendidikan basa jawi tindak wonten ing kuta bali kangge nindakaken adicara stuba. Acara menika dipun sebat study banding inggih menika kangge mangertosi menapa mawon ingkang wonten ing kuta bali. Tuladhanipun inggih menika budayanipun, pariwisatanipun, musiumipun, saha adat ingkang wonten ing kuta bali. Ingkang ndherek stuba menika sedaya saking angkatan 2011 inggih menika saking tigang kelas A, B saha G, ananging ugi wonten ingkang saking angkatan 2010, amargi tahun kepengker mahasiswa angkatan 2010 boten ndherek stuba.
Kuta bali inggih menika salah satunggal kuta ingkang sampun kawentar ing mancanegara. Inggih menika sampun kawentar ing pariwisatanipun, budayanipun saha adatipun. Kathah sanget pariwisata ingkang wonten ing kuta bali, inggih menika saking segaranipun, gunungipun, puranipun, alamipun, lan sanes sanesipun. Ananing miturut carios, kuta bali menika ingkang sami utama kawentar inggih menika saking segara sanur. Lajeng nembe segara sanesipun kawentar kadosta segara kute, lovina, lan sanes-sanesipun.
Stuba basa jawi menika salah satunggal acara ingkang saben tahun dipun wontenaken dening jurusan basa jawi, fakultas basa lan seni, universitas negeri yogyakarta. Ancasipun saking stuba piyambak inggih menika kangge mangertosi, ngupadi ngilmu, saha rekrasi sedaya ingkang wonten ing kuta bali. Acara ingkang dipun adzani tanggal 6 oktober menika ngantos 12 oktober menika saged kalampahan kanti lancar lan acaranipun kalampahan kanthi sae.
Acara ingkang dipun wiwiti tanggal 6 menika sedaya mahasiswa kempal wonten ing rektorat saderenge mlampah datheng kuta bali. Selajengipun ngantos kutha bali tanggal 7, papan ingkang rumiyin inggih menika pantai lovina. Sak sampunipun wonten ing pantai lovina, selajengipun dugi wonten ing musium kirtiya singaraja. Wonten mriku mahasiswa sowan saha ningali menapa mawon ingkang wonten ing musium menika. Sanesipun menika para mahasiswa saged ningali saha nyuwun pirsa babagan naskah-naskah ingkang wonten ing musium menika.
Sak sampunipun mahasiswa observasi saha ningali wonten ing musium menika, para robongan mahasiswa dugi wonten ing wisata bedugul. Wonten ing mriku katah sanget para wisatawan asing saha wisatawan lokal ingkang ningali papan sesuci ingkang wonten ing wisata candi kuning bedugul. Wonten mriku kathah sanget para warga ingkang saweg sembahyang saha sesuci ing papan menika. Boten namung papan kangge sembahyang mawon. Wonten mriku ugi wonten danau ingkang endah ingkang menehi kaendahan papan ibadah ingkang wonten ing wisata candi kuning bedugul. Sak sampunipun dangu wonten ing bedugul, para mahasiswa lajengaken lampahipun wonten joger. Joger inggih menika papan shopping ingkang sampun kawentar wonten ing kuta bali. Kathah para mahasiswa ingkag shopping wonten mriku, wonten ingkang tumbas sandhang, tas, saha pernik-pernik ingkang endah. Sak sampunipun saking joger, para mahsiswa dugi wonten ing hotel green villas ingkang wonten ing Tuban denpasar Bali kangge tilem saha istirahat.
Dinten kaping tiga ing kuta bali mahasiswa sowan wonten ing perguruan tinggi UDAYANA. Wonten ing mriku mahasiswa sami tukar penggalih antawisipun mahasiswa UNY kalihan mahasiswa UDAYANA. Kathah sanget ingkang dipun pendhet saking study banding wonten ing UDAYANA, inggih menika dados magertos petungan-petungan saking bali saha tata griyanipun tiyang bali. Sak sampunipun saking UDAYANA para mahasiswa lajengaken lampahaipun wonten ing desa adat Tenganan Pegringsingan Karangasem. wonten ing mriku, warganipun taksih lestantunaken budayanipun saha adatipun. Tuladhanipun ingkang taksih dipun lestantunaken inggih menika griyanipun warga. Griyanipun warga adat menika tesih ginakaken budaya bali inggih menika wonten papan kangge ibadah utawi sesuci, Papan pati, papan kangge miyos, papan kangge sare, papan kangge tamu saha papan kangge kaluarga. Waga masyarakat ing adat mriku woten 300 kepala keluaraga ingkang makaryanipun inggih menika petani.
Sanesipun griyanipun adat ing dusun menika, wonten ugi budaya ingkang medasl saking mriku, inggih menika menawi tiyang menika kedah nganten kaliyan wargi ingkang mriku, menawi nganten kaliyan ntiyang jawi dusun menika kedah medal saking dgusun menika, boten namung mekaten. Wonten ugi budaya ingkang saben warsa dipun wontenanken dening warga menika, ingggih menika perang ginakaken pandan, inggih menika Ingkang dipun lampahi dening tiyang jaler kangge mendapatkan tiyang estri kangge dipun ngantenaken akangge warga ingkang menang. Ananging resikonipun inggih menika sliranipun gerah. Ananging wonten obatipun kangge tiyang ingkang sliranipun gerah.
Saksampunipun saking dusun adat wonten mriku, para mahasiswa lajengaken malih wonten ing pariwissata alam, inggih menika gua lawa. Kenging menapa dipun sebat gua lawa, amargi wonten ing gua mriku kataha sanget lawanipun, sahengga gua menika dipun sebat gua lawa. Wonten ing mriku para wisatawan dipun utus supados nagngge jarik ingkang dipun iket wonten ing padaran, jarik menika kangge syarat mlebet wonten ing gua lawa menika.boten namung gua lawa mawon ingkang wonten ing mriku, wonten ugi papan kangge sembahyang para warga ingkang wonten ing mriku. Sak sampunipun saking mriku para mahasiswa dhahar wonten ing restoran dipun lajengaken wangsul wonten ing hotel.
Dinten 3 wonen ing bali para mahasiswa datheng wonten ing pariwisata desa kintamani, inggih menika wonten ing pesaren para warga dusun menika. Sak sampunipun dugi wonten ing ngingil desa kintamani, para mahasiswa dipun suguhi dening kaendahan alam ingkang endah inggih menika gunung batu saha danau batu. Kangge dugi wonten ing pesarean para warga para mahasiswa kedhah nitih mobil alki saha kapal ingkang sampun dipun kelola dening warga mriku. sak sampunipun dugi wonten ing pesrean para warga, ara mahasiswa sami gumun, amargi warga ingkang sampun seda boten dipun pendem wonten ing siti, ananging namung dipun letakaken mawon wonten ing siti. Namung dipun tutpi kaliyan kain mori saha dipun menehi juring bambu. Cariosipun kengig menapa warga ingkang sam[un sda boten dipun pendem wonteng siti. Wonten kalih teori igkang sapisan inggh menika saking agamanipun, ingkang angka kalih inggoh menika saking geografisipun, amargi siti wonten ing mriku kathah watunipun dados boten saged pendem.
Saksampunipun para mahasiswa wonten ing pesarean para mahaiswa lajengaken lampahipun wonten ing pantai sanur. Pantai sanur inggih menika pantai ingkang damel kuta bali kawentar saderengipun papan pariwisata dipun temukaken ingkang sanes, inggih menika pantai kuta, safari park lan sanes-sanesipun. Pantai ingkang endah menika kathah sanget wisatawanipun. Boten dangu wonten ing pantai sanur para mahasiswa lajengaken malih lampahipun inggih menika wonten ing krisna saha dhahar ndalu. Sak sampunipun dhahar, para mahasiswa wangsul wonten ing hotel kangge istirahat.
Dinten pungkasan wonten ing bali tanggal 11oktober para mahasiswa sowan wonten ing dinas kebudayaan saha BCC (bali clasic center). Wonten ing dinas kabudayaan bali para mahasiswa saha dosen wonten ing rapat wonten ing papan kangge rapat. Kangge para mahasiswa ingkang boten ndherek rapat, ningali naskah-naskah ingkang wonten ing dinas kebudyaan. Saksampunipun saking dinas kebudayaan bali, para mahasiswa lajengaken lampahipun wonten ing BCC. Wonten ing BCC para robongan mahasiswa dipun sambut kaliyan tarian barong khas bali. Boten namung tarian barong, para mahasiswa ugi dipun hibur kaliyan tarian bali. Sak sampunipun mekaten para mahasiswa dipun dampingi dening tiyang ingkang makarya wonten ing BCC kangge mangertosi menapa mawon ingkang wonten ing BBC. Inggih menika wonten tarian barong, wayang, cara kangge damel lisah saking krambil, lesung, saha sanes-sanesipun. Sahengga kabiasaan adat bali ingkang klasik wonten ing BCC.
Sak sampunipun saking wisata BBC, para mahasiswa wangsul dhateng kuta yogyakarta. Dugi wonten jogja inggih menika dinten jumat siang. Wonten ing perjalanan wangsul para mahasiswa saged mendhet pinten-pinten ilmu saking kuta bali, inggih menika saking budayanipun, pariwisatanipun saha adatipun. Sahengga menapa mawon ingkang sampun dipun pendhet saged dipun terapaken dening kutanipun piyambak-piyambak. Sahengga kuta ingkang sanes saged nuladhani saking kutha bali ingkang sampun kawentar ing nasional saha internasional. Inggih menika saking budayanipun, adatipun saha pariwisatanipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...