Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

News

NEWS
Indonesia Rawan Bencana


Indosesia Rawan bencana menika ukara ingkang trep kalihan kahanan wonten ing Indonesia. Amargi kathah bencana lan musibah ingkang dumadi wonten ing Indonesia, kadosta banjir ingkang dumadi wonten ing saben wilayah indonesia, longsor ingkang dumadi wonten ing kalimantan, gunung sinabung meletus wonten ing sumatera, lan banjir bandang wonten ing sumatera ugi. Sedaya wau trep kalihan ukara ingkang negasaken menawi Indonnesia rawan bencana. Bencana ingkang asring dumadi inggih menika banjir ingkang wonten ing wilayah jakarta. Banjir ingkang dumadi wonten ing wilayah jakarta menika saben tahun dumadi, amargi kali ciliwung lan cisadane meluap inggil sanget, saengga nyebapaken banjir ing wilayah jakarta. Saking gubernur jokowi sampun rembag bab banjir ingkang dumadi ing jakarta kalihan gubernur jawa barat. Saking rembagan mriku mugi tahun ngajeng boten wonten banjir malih. Banjir ingkang dumadi wonten ing jakarta menika kathah ingkang sakit, saking gatal-gatal ngantos diare. Saengga para warga ingkang nampi penyakit menika kedah pikantuk pangobatan ingkang intensif. Sanesipun menika warga jakarta ingkang nampi banjir ugi betahaken biyantu saking masyarakat ingkang boten nampi banjir, bantuan menika awujud sembako, toya bersih, ageman lan sandang pangan.

GEMPA DUMADI MALIH

            Gempa dumadi malih, sakniki gempa berpusat wonten ing kebumen langkung cetha menika barat daya kebumen. Gempa menika dumadi setu siang, kinten-kinten jam 12:17 WIB. Gempa ingkang dumadi 6,5 SR menika boten nyebabpaken tsunami.  Gempa menika dumadi ing sapanjang pantai selatan, saengga daerah ingkang wonten ing sapanjang pantai selatan ugi krasa gempa menika, kadosta, Yogyakarta, Banyumas lan Cilacap. Saking badan BMKG, dereng wonten laporan menawi saking gempa menika wonten griya ingkang risak lan roboh, ananging badan BMKG ugi ngendika menawi gempa menika saged dumadi malih kalih dinten selajengipun, lan parakiraan menika bener, dinten senen ndalu kinten-kinten jam 23:00 WIB gempa terasa wonten ing yogyakarta. Para warga yogyakarta kathah ingkang medal saking ruangan lan griyanipun piyambak-piyambak kangge nylametaken piyambak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...