Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

News Feature

Nama               : Nur Fadilah
NIM                : 11205244023
Mata Kuliah    : Jurnalistik
News Feature
Antusias Para Peserta  Ndherek Acara Ladies Time Kathah Sanget.


Gambar: Peserta ladies time ing ruang sidang utama rektorat UNY.
            Wonten ing Ruang sidang utama rektorat Universitas Negeri Yogyakarta, ormawa BEM KM UNY ngawontenaken pawiyatan kepemimpinan estri ingkang dipun wontenaken dinten jumat , 20 september 2013 ingkang dipun sebat acara ladies time.Ladies time inggih menika pawiyatan kepemimpinan tiyang estri ingkang mliginipun kangge mahasiswi.Ladies timemenika salah satunggaling program kerja saking BEM KM UNY, inggih menika saking departemen  kasrat saha dagri. Kalih departemen menika makarya sareng-sareng ngawontenaken acara menika.
Ladies time ingkang dipun wontenaken dening kalih departemen menika remenaken saha saged kalampahan kanthi lancar boten wonten alangan satunggaling menapa. Acara ingkang dipun bikak dening Wakil rektor III UNY inggih menika Bapak Prof Dr. Sumaryanto, M. Kes.  menika dipun apresiasi sanget. Amargi acara menika namung wonten ing UNY, saha acara menika saged dados pawiyatan saha wadah kangge mahasiswi ingkang badhe mahyaaken ilmu, inspirasi saha gagasan ingkang saged mbangun mahasiswi ingkang wasis saha kritis ing perkawis-perkawis ingkang wonten ing kampus utawi ing masyarakat.
Acara ingkang konsepanipun kadosta seminar menika rawuhaken pambiwara ingkang sampun kawentar, boten namung mekaten, pambiwara menika ugi sanget inspiratif saha motivator ingkang sae, inggih menika Ibu Masnah Sari, M.H minangka ketua komisi perlindungan anak Indonesia, 2007-2010, saha wakil ketua bidang perempuan ICMI 2013 saha Ibu khusnul Mar’iah, Ph. D minangka pengamat politik Universitas Indonesia saha ketua KPU pusat 2012. Kalih pambiwara menika ngandaraken babagan tiyang estri, inggih menika menawi tiyang estri menika kedah dados tiyang estri ingkang inspiratif, migunani kangge tiyang sanesipun, tiyang estri ugi kedah dados pemimpin ingkang jujur, akuntable, saha amanah. boten namung mekaten tiyang estri menika kedah saged ndherek mendhet keputusan ingkang utawi kados pundi paraga tiyang estri wonten ing politik saha pambangunan bangsa.
Ancasipun saking acaraladies time inggih menika supados mahasiswi estri menika dados mahasiswi ingkang dados pemimpin, tiyang estri ingkang hebat, saha tiyang estri ingkang saged wasis wasisaken. Ingkang sanesipun inggih menika supados tiyang estri mliginipun mahasiswi saged dados mahasiswi ingkang inspiratif, kritis, tata, titi, saha migunani kangge tiyang sanes. Sahengga menapa ingkang sampun dipun andharaken dening pambiwara menika saged trep kaliyan ancasipun acara ladies time saha saged dipun aplikasikaken wonten ing kampus saha masyarakat.
Acara ingkang dipun rameaken dening mahasiswi UNY menika, khususipun mahasiswi estri sanget apresiasi sanget, amargi kathah mahasiswi ingkang nderek adicara menika, ingkang targetipun peserta namung kaliatus, ananging sampun kalampahan acara menika pesertanipun mbludag kathah sanget ingkang ndherek, ngantos kursi ingkang wonten ing Ruang Sidang Rektorat menika dipun kangge sedaya. Boten namung mahasiswi UNY kemawon ingkang ndherek acara ladies time menika, ananging ugi saking mahasiswi Universitas sanesipun, tuladhanipun  saking universitas Mercu Buana, UNES, UGM, UIN lan sanes-sanesipun.  Sahengga pesertanipun menika kathah sanget, ngantos kursi ingkang wonten ing ruang sidang utama rektorat menika dipun ngagem sedaya. hambaka mekaten, ananging antisipasi saking panitia menika sampun sae, saha tanggel jawab, dados menawi pesertanipun menika kathah sanget, dados panitia sampun nyawisaken kursi ingkang kangge  para pesereta acara ladies time menika.
Hambaka pesertanipun menika kathah sanget, ananging ancasipun acara menika boten mekaten. Ingkang dados pangajab utawi gol saking acara ladies time menika supados mahasiswi menika saged aktif wonten ing organisasi, saged kritis, saged dados inspiratif, saged dados pemimpin, saged dados paraga wonten ing pamendheting kaputusan, saha sanes-sanesipun. Sahengga acara ladies time menika dados acara ingkang sae saha prayogi kangge para tiyang estri, mliginipun mahasiswi ingkang wonten ing kampus utawi wonten ing masyarakat.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...