Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

FEATURE

Nama               : Nur Fadilah
NIM                : 11205244023
Kelas               : G
Mata Kuliah    : Jurnalistik
Adat saha budaya ing dhusunTenganan Pegringsingan Karangasem


KuthaBali inggih menika salah satunggalipun kuthawonten ing Indonesia. Bali menika sampun kawentar ing nasional saha internasional. Kutha alit menika dipungatosaken dening pamarintahsaha para wisatawan asing, satemah papan wisata-nipun ingkang endah saha budayanipun taksih lestantun.KuthaBali ingkang sampun kawentar budayanipun, pariwisatanipun, saha adatipun menika saged katingal saking struktur bangunan griyanipun para masarakat Bali sarta tari-tarian.
Salah satunggalipundhusun ing Bali ingkang sampun misuwur sahataksihnglestantunaken kabudayan saha adat, inggih menika dhusun Tenganan Pegringsingan. Dhusun Tenganan dumunung wonten ing sisih wetan kuthaBali.Dhusun menika taksih nguri-uri sanget  budaya, adat, saha tradisi ingkang dipunwarisaken dening leluhuripun, satemahdhusunTenganan Pegringsingan dipunsebat dhusun ingkang sampun sepuh budaya saha adat Bali. Warga masarakat dhusun Tenganan kinten-kinten wonten 300 kepala kaluarga ingkang asli masarakat Bali. DhusunTenganan dados papan pariwisata adat saha budaya amargi ing dhusun menika budaya, adat saha tradisinipun taksih asli, sanajan wonten ewah-ewahan jaman.
Mlebet ing dhusun adat Tenganan menika saged ningali kawontenan ingkang taksih kina sanget saha modern, awit sakingbangunan griyanipun, kawontenandhusunnipun, adatipun, budayanipun saha tradisinipun. Wonten ing dhusunTenganan menika gadhah aturan ingkang dipunsebat awig-awig, ingkang kedah dipunlampahi, ngajeni dening masarakat Tenganan. Satemah aturan wau menika dados tradisi ingkang dipunlestantunaken. Tradisinipun inggih menikawarga masyarakat dhusunTenganan kedah kadhaupaken kalihan warga ingkang wonten ing dhusunTenganan. Menawi patrap kalawau dipunterak wonten ukumanipun, inggih menika kedah medal saking dhusun adat Tenganan menika.
Adat wonten ing dhusun tenganan ingkangtaksih dipunlestantunaken inggih menika tata griyanipun. Tata griyanipun ing dhusun tenganan menika taksih asli adat Bali, inggih menika wonten papan ibadah utawi sesuci, papan miyos, papan kangge tamu, papan kangge pati, papan kangge sare, papan kangge damel piranti seni, saha papan kangge nyimpen asil panen. Sedaya kalawau namung wonten ing dhusun Tenganan ingkang taksih dipun-bangun griya adat Bali.Dados katingaladat Bali ingkang asli sartataksih dipunjagi dening masarakat dhusunTenganan, satemah saged dadoswigati kagem para wisatawan asing utawi lokal.
Sanesipun adat saha tradisi menika, dhusun Tenganan ugi gadhah budaya, salah satunggalipun  inggih menika drajat tiyang estri kaliyan tiyang kakung wonten ing dhusun Tenganan sami, dados kalih-kalihipun saged sami dipunjagi saha dipunajeni.DhusunTenganan ugi saben taun sepisan wonten perang ingkang ngginakaken ron pandan. Perang ingkang ngginakaken godhong pandan menika ingkang sepisan kangge ngrebutaken satunggal estri dados garwa saha kaping kalih kangge sinten ingkang sami kiyat saking tiyang-tiyang ingkang wonten ing dhusunTenganan.
Dhusun Tenganan ugi boten namung katingal saking adat, budaya saha tradisinipun, ananging ugi kawentar kerajinanipun, tuladhanipun : kerajinan tenun, seratan ing lontar, damel penanggalan asli Bali, saha sanes-sanesipun. Kerajinan sedaya wau dipundamel dening masarakat dhusun Tenganan piyambak.  Saben griya ingkang wonten ing ngajeng menika kathah ingkang sadeyan kerajinan-kerajinan ingkang dipundamel piyambak, satemah saged dados input piyambak saking kerajinan menika. Ananging ingkang kathah dipunsade menika tenun Gringsing kalihan nyerat ing lontar. Amargi tenun ingkang dipundamel menika gadhah nilai sade ingkang radi awis. Boten kesupen ugi, kerajinan nyerat wonten ing lontar menika ugi mekaten. Seratan ing lontar menika gadhah nilai seni ingkang inggil, unik, saha endah, satemah dados reginipun ugi katingal awis.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...