Halaman

Kamis, 23 Januari 2014

Straigh News

Nama : Nur Fadilah
NIM : 11205244023
Mata Kuliah : Jurnalistik
Straigh News
Acara ladies time ingkang remenaken
Yogyakarta, dinten jum’at 20 september 2013, wonten adicara ladies time ing Ruang sidang utama rektorat universitas negeri yogyakarta. Acara ingkang dipun wontenaken dening kalih departemen BEM KM, inggih menika kastrat saha sospol saged kalampahan kanthi lancar. Acara ingkang dipun bikak dening Wakil Rektor III UNY inggih menika Bapak Prof. Dr. Sumaryanto, M. Kes menika dipun apresiasi sanget. Amargi acara ladies time menika saged dados wadah inspirasi saha gagasan para mahasiswi ingkang kritis, aktif wonten ing masyarakat saha saged ngudhar perkawis ingkang wonten ing sakiwo tengenipun.
Ladies time inggih menika pawiyatan kepemimpinan tiyang estri ingkang dipun wontenaken BEM KM kangge wasisaken para tiyang estri mliginipun mahasiswi, ing perkawis-perkawis ingkang wonten ing bangsa menika. Acara ladies time menika rawuhaken pambiwara ingkang inspiratif, kawentar saha motivator, inggih menika Ibu Masnah Sari, M.H minangka ketua komisi perlindungan anak Indonesia, 2007-2010, saha wakil ketua bidang perempuan ICMI 2013 saha Ibu khusnul Mar’iah, Ph. D minangka pengamat politik Universitas Indonesia saha ketua KPU pusat 2012 menika ngandharaken kados pundi paraga tiyang estri kangge pambangunan bangsa. Boten namung mekaten, kalih pambiwara menika ugi ngandharaken menawi tiyang estri menika saged dados pemimpin ingkang jujur, akuntable saha amanah.
Ladie time ingkang pasartanipun saking mahasiswi UNY menika katah sanget. Wonten ingkang saking fakultas basa lan seni, ekonomi, ilmu sosial, matematika dan ilmu pengetahuan alam, ilmu keolahragaan, ilmu pendidikan, saha fakultas tekhnik. boten namung saking mahasiswi UNY kemawon ingkang dhateng wonten ing acara ladies time menika, ananging ugi saking mahasiswi sanesipun. Inggih menika saking UGM, UIN, UPN, Sanata Dharma lan sanes-sanesipun. Dados Peserta ingkang ndherek acara ladies time menika kathah sanget. Ananging gol saking acara menika boten namung pesertanipun ingkang kathah ananging kados pundi para psererta saged aplikasikan wonten ing kampus lan masyarakat, menapa ingkang sampun dipun andharaken dening pambiwara babagan paraga tiyang estri wonten ing pembangunan politik bangsa. Boten namung mekaten mahasiswa ugi dipun tuntut supados dados tiyang estri mliginipun mahasiswi ingkang inspiratif saha dados motivator kangge mahasiswi sanesipun.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...