Halaman

Kamis, 23 Januari 2014

pranatacara adat jawa

Nama : Nur Fadilah
NIM : 11205244023
Kelas : G
SARASEHAN BUDAYA JAWA
Nuwun.
Dhumateng Ibu Kun Styaning Astuti minangka Wakil dekan III Fakultas basa lan Seni ingkang satuhu kinurmatan.
Dhumateng Bapak Suwardi Endraswara minangka pangarsa Jurusan ingkang dahat kinabekten.
Saha para kadang warga mahasiswa jurusan basa jawi ingkang bagya mulya.
Saderengipun menggah rantamaning adicara saresehan budaya jawa wonten ing dinten menika, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken raos sukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, awit saking kanugrahan saha karaharjan, saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kula wonten ing mriki minangka pranata adicara badhe maosaken tata rakiting adicara Sarasehan Budaya Jawa kanthi tema “Memetri Budaya Jawi” wonten ing Pendhapa Teja Kusuma FBS. Reroncening adicara nyadran wonten ing dinten menika rinacik mekaten :
  1. Pambuka
  2. Saksampunipun pambuka, wonten sakedik pasugatan jajanan tradissioanal saking jurusan basa Jawi.
  3. Pambagyaharja saking pangarsa hima jawa.
  4. Pambagyaharja saking pangarsa jurusan Pendidikan Bahasa Jawa
  5. Pambagyaharja saking wakil dekan III fakultas basa lan seni Universitas Negeri Yogyakarta.
  6. Pasugatan Karawitan saking mahasiswa basa jawi angkatan 2011.
  7. Acara inti, inggih menika acara saresehan budaya jawi kanthi tema memetri budaya jawi.
  8. Pasugatan beksan saking mahasiswi basa jawi angkatan 2011.
  9. Panutup
Mekaten menggah rantamaning adicara sarasehan budaya jawa wonten ing dinten menika. Sumangga tumapak adicara purwaka, kanthi pandonga dhumateng Gusti Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Ndedonga kula ndherekaken. Sumangga. Matur nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...