Halaman

Selasa, 28 Januari 2014

Wacana Prosedural

Cara Nenun Ingkang Sae

Cara ingkang nenun ingkang sapisan inggih menika nyawisaken sedaya bahan-bahan ingkang badhe dipuntenun, tuladhanipun inggih menika eceng gondhok, pring, lidi lan akar wangi ingkang sampun dipunpotong alit-alit, lan sakpanunggalanipun. Selajengipun inggih menika iketaken tali ingkang wonten ing piranti Sekiran alit kalih wonten ing tabung tali ingkang sampun dipuncawisaken wonten piranti sekiran alit satunggal. Selajengipun inggih menika katrol dipunubengaken. Papan kangge nyepakaken tabung tali ingkang gayut kaliyan katrol kanthi otomatis, tali menika ndherek mubeng, saengga tali ingkang wonten ing piranti sekiran alit kalih ugi ndherek mubeng lan talisaged jangkepi tabung tali. Menawi tali sampun cekap jangkepi tabung tali, cara selajengipun inggih menika kethok tali ingkang gayut kalihan piranti sekiran alit kalih. Ingkang kala wau menika proses pamintalan wonten ing piranti sekiran alit.
gambar apmintal alit lan ageng
Langkah ingkangkaping kalih inggih menika kanthi cara ingkang sami kadosta proses pamintalan wonten ing piranti sekiran alit. Tali asil pamintalan saking piranti sekiran alit, dipuncawisaken wonten ing papan tali. Selajengipun jiret ujung-ujung tali wonten ing papan pintalan tali. Lajeng dipunubengaken papan pintalan tali menika, saksampunipun menika tali dipun potong menawi sampun cekap.
gambar piranti tenun
Cara ingkang pungkasan inggih menika tali ingkang sampun dipun pintal, selajengipun dipunlebetaken wonten piranti nenun kalihan bahan-bahan kangge nenun kadosta eceng gondhok, pring, lidi, lan akarwangi. Tali asil saking pintalan piranti sekiran ageng dipuncawisaken wonten piranti tenun. Selajengipun ujung-ujung tali kanthi teratur dipunlebetaken wonten piranti tenun kalihan sisir lan dipuntenun miturut motif ingkang dipun remenaken.

gambar tiyang saweg nenun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...