Halaman

Kamis, 23 Januari 2014

Geguritan Bahsa Jawa

Pepujaning Ati
Dening: Nur Fadilah

Wiwit tengahing sliramu anganthi saiki
Driya iki tansah ngambar arum
Kembang-kembang tresna kang jejogedan
Kang katilar ing jero ati
Sansaya suwe tansah gawe tentreming ati
Esem tanpa alum lir sekar mlati
Kasiram tresna kang suci
Saka sliramu pepujaning ati
Tan pengin gawe cuwaning atimu
Aku mung pengin tansah nduweni
Nduweni sliramu sawutuhe tresna asihmu
Kang wus dadi rega mati
Manawa ana kang dadi sandhunganing laku
Ati iki cidra marang sliramu
Sliramu aja rangu-rangu
Tresnaku amung kanggomu


Tresnaku
Dening: Nur Fadilah
Wengi kang endah iki aku kelingan sliramu
Swaraning jangkrik kang dadi pratandha pamujamu
Sapa sing ora kesengsem marang awakmu
Kang gawe ati iki gandrung

Tresnaku…
Kenya ayu kang dadi pepujanku
Tan ana kang bisa ngganteni sliramu
Amung siji tresnaku wong ayu

Tresnamu… kapercayanmu
Kang gawe gumetering driyaku
Tresnaku….
Entenono pepujanmu iki…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

 Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Piwulang ing Serat Wulangreh lan ngapresiasi Serat Wulangreh.             Piwulang ing Serat Wulangreh iku man...